Wahono aseng Si Sri, anake wadon, lunga
meng bank. Anake dhewek ya wis maklum merga biyasane telung wulan sepisan olih
kiriman sekang Arab. Kiriman sekang sapa maning ari ora sekang bojone, si
Surti. Bojone kuwe kayane wis wetara patang taun lunga maring Abu Dhabi (ari
gampange tah Arab, senajan udu Saudi Arabia) seperlu njaga jejege kendhil
pawon. Senajan kakapengan ora ketang
setaun sepisan bali tilik ngumah, ningen ya mesthi tilike.
“Dolar agi naik Sri!”
omonge Wahono maring anake. Bocah kelas papat SD kuwe ora nggubris.
“Embuh.”
“Yeeh…. Domongi dolar agi
naik koh!”
“Ora ngerti mangsude!”
“Rupiah medhun!”
“Embuh!”
“Oalaaahhhh! Kepriben
si?”
“Bapane ngomong apa inyong
ora mudheng!”
“Dolar agi naik, mulane
kirimane biyungmu kuwe senajan ngirim kaya biyasane, ningen bareng deijolaken
nganggo rupiah, dhuwite olih lewih akeh!”
“Biyunge hebat ya Pa!”
“Iya laaah …. Biyungmu!”
“Bapane tah dablongan!”
“Hah??? Apa??? Ngarani
inyong dablongan? Dablongan apa mangsude?”
“Yakuwe, biyunge tah
sregep nyambut gawe ningen rika nganggur malah moroti dhuwite biyung. Kuwe sing
jenenge dablongan!”
“Lah, laaah …. Sing
maraih ko ngomong kaya kuwe sapa jajal?”
“Pak Kemi!”
“Terus sapa maning?”
“Mbah Turah!”
“Terus ana maning apa
ora?”
“Ninine inyong!”
“Nini sing mendi jajal?
Nini Karangpoh apa nini Kedungbenda?”
“Nini Kedungbenda!”
Domongi kaya kuwe Wahono
klamet-klamet cangkeme. Drijine garuk-raguk endhas sing ora gatel. Nini
Karangpoh kuwe tah biyunge Wahono, ningen ari Nini Kedungbenda tah biyunge
Surti, tegese mertuwane Wahono. Domongi kaya kuwe liwat anake, kadidene mantu
ya isin. Mendhing tegin ana isine. Apamaning ukara kuwe detekakaken liwat anake
wadon, dheweke darani bapa sing dablongan.
“Dablongan artine apa si
pa?” takone Si Sri. Wahono klecam-klecem.
“Enng…ngggg….. dablongan
kuwe apa si ya? Ganteng Sri, dablongan kuwe ganteng!”
“Halah! Wis dablongan,
ngapusi anake maning! Inyong mau gur ngetes bapane! Hahaaaa!”
“Hah? Mangsude?”
“Dablongan kuwe padha
baen karo conggresan! Jerene si nini, dablongan kuwe ora kena nggo agul-agul ……
embuh lah pokoke akeh banget ninine ngomong!”
“Terus ngomong apa maning
ninine kuwe?”
“Rika kon kerja! Aja gur
biyunge thok! Melasi toli biyunge,
nyambut gawe adoh-adoh malah bapane gur ongkang-ongkang!”
Ari plekara omongane
mertuwane, Wahono pancen ora wani jawal. Merga kabeh kuwe bener. Nganti seprene
watek kesed gawan cilik kayane tegin deingu nganti kalpak kaya sekiye wis
anak-anak. Wis ping pira mertuwane nyemes, kayane ora tedhas. Lah sekiye golehe
nyemes liwat anake. Ari Wahono urung owah, pancen wis ndableg temenan.
Dablongan tulen. ***
Oktober 2015 - 449
Diks - Blakakisut