Kamis, 06 April 2023

(17) TANDHON EMAS IRIAN )*


Tahun 1984 inyong nduwe kanca kuliah – sekelas - nang IKIP Semarang , jenenge Sugiyanta. Bocah asli Karawang Jawa Barat. Ora denyana-nyana taun aganu , pas 2004 ketemu pas padadene penataran nang Bandung , Jawa Barat . Hihi, padha dene nduwe gaweyan ngecebres nang ngarep kelas dadi guru. Ealah, jan pol senenge ketemu kanca lawas, sesama tilas murid nang padhepokan Bethara Guru (istilahe Mas Zain Galih)– mangsude IKIP - .  

Bayangaken , rong puluh taun kepungkur. Ndilalah ya padha-padha ora pangling. Mergane pancen raine inyong karo Sugiyanta kuwe klebu ora kethukulan kumis utawa jenggot, dadi gambare tetep ajeg . Ajeg ala! Haha! Ala ningen ora manglingi.

“Ko mulang nang Krawang? Bali ngasal ya?” omonge inyong nggenahaken.

“Iya bali ngasal, ningen urung suwe koh! Nembe telung taunan. Maune kan inyong deangkat mulang adoh banget…..”

Nang ngendi kuwe?”

“Nang Sorong! Irian !”

“Wuah! Pantesan ketularan ireng!”

“Hus! Ireng kiye kan gawan bayi!”

“Hahaaa….! Ningen enak ndean ya mulang nang ngkana? Bebas ora nganggo klambi, gur nganggo koteka, slongsongan oyong garing!” omonge inyong karo kekel.

“Gusut mbokan! Gye, seala-alane guru kaya inyong ya nganggo klambi lah!”

“Ooooo tek arani melu-melu kaum pedalaman sing tegin nganggo koteka….”

“Henteu daek ngiluan nu kitu uing mah! Mun teu kapaksa-kapaksa teuing mah! Kapaksa soteh mun aya nu gareulis ! Hahaa!” omonge Sugiyanta metu basa Sundane.

“Gye, apa bener Irian kuwe sugih mas-masan ?” takone inyong

“ Uh tek omongi ya, pancen bener ! Inyong baen pengalaman meh mben dina mangkat mulang nang sekolahan madan pinggiran, ngibarate ora tau mulang.”

“Mangkat mulang ningen ora tau mulang?”

“Iya! Lah kepriben si golehe garep mulang wong muride padha ora nana!”

“Ora mlebu apa minggat?”

“Ya darani mingat ya ora, ningen padha kungkum nang kali. Meh saben dina kuwe….”

“Deneng kungkum kaya garep desunati baen! Lah kuwe kungkum padha ngapa?”

“Padha ndhulang emas. Ngarah pasir emas. Memang sing jeneng kali nang Irian kuwe akeh banget sing pasire ngandhung serbuk emas. Kuwe tegese bumi irian bancen gudhange emas. Mulane wiwit jaman molai reformasi kan Pak Amin Rais selalu ngelingaken prekara Freeport. Aja nganti kandhungan alam sing pengaji gedhe ora mekakat kuwe malah deeksploitasi wong manca .”

“Oooo lha dalaahhh….. mulane wong-wong manca padha katrem ndhekem nang Irian ya? Eh, gye ngomong-ngomong kenang apa ko bali maring Jawa?”

“Ora betah! Budayane beda banget, angel depeloni. Beda angger budaya Jawa karo Sunda, meh padha. Sing beda gur bahasane. Liyane nang kahanan pedinan padha baen. Nang Sunda akeh wong ndesa petan renteng-renteng, nang Jawa ya padha baen. Nang Sunda kerep ana sing seneng rubung-rubung ngariung, nang Jawa ya tegin ana modhel dopokan mbirengan. Iya toli?”

“Selama kuwe ko olih emas pirang kilo ?”

“Ha gusut! Inyong ora tlaten ndhulang emas kaya wong-wong pribumi ngkana!”

“Lho kan malah olih nganah-ngeneh. Emas olih, gaji olih!”

“Gaji buta! Hahaaaaa!”

Kemutan dhong inyong ketemu karo Sugiyanta crita bab emas nang Irian, inyong sekiye gur melu gadheg-gedheg. Plekara emas sing dikuwasani PT Freeport bali gawe geger. Seuntara kuwe, sekiye, penjenengane bapak Amin Rais tegin tetep konsisten pandhangane tentang Freeport. Inyong tau weruh ngendikane Pak Amin Rais nang TV : Plekara Freeport kudu terus demencungulaken. Lan aku sing bakal tetep manas-manasi, ngipas-ngipasi ! Angger ora kaya kuwe mengko plekara Freport bakal mlempem, ilang. ***

                                                                                          

 )*

1) Salam buat Kang Sugiyanta.

2) Tulisan ini pernah dimuat di Majalah Djaka Lodang Yogyakarta , Maret 2004.


( Kebetulan saya menjadi penulis tetap di majalah ini  1990 - 2017 , 
2017 menyatakan pensiun dari dunia tulis menulis , 
mundur dari majalah ini dengan surat pengunduran diri )


826



26