Rabu, 29 April 2020

(7) NYIMPEN KAOS GRUP - ALMAMATER


1. Jaman SMP - SMP Negeri 1 Bobotsari (1978 - 1981)
2. Jaman SMA - SMA Negeri 2 Purwokero (1981 - 1984) -      
     GAPMA (Gabungan IPA 5) Kelas 3 IPA 5

Minggu, 26 April 2020

(5) MARAIH GEMUYU

Photo-photo sing tek mot nang ngingsor kiye, kabeh jepretene inyong dhewek lho. Ora nana sing njimot sekang google. Orsinil kabeh. Akeh-akehe tek jepret dhong agi mudhik badan (udu pulang kampung lho ya!).

1. Dhuwit cupet ningen kepengin nduwe GADGET? Kiye ana sing murah. Gur patang ewu mangatus thok.


Lokasi : Yogya Grand - Majalengka Jawa Barat


2. Ujarku pinter nyukur kuwe gawan bayi. Jebul ana sekolaeh ya? Tembe ngerti!


Lokasi: Ajibarang iring wetane mesjid gedhe Ajibarang

3. Ari ora idhep isin, jajal turuti KAREPE TANDHA PANAH. Mbokan kon nguyuh nang kono grok? Hehehe....!

 

Lokasi: Pinggir dalam alternatip Prupuk - Brebes.

4. Anu wis ora tahan apa ya?



Lokasi: Rest Area Bumiayu 

Lanjut meng nomer 5 tekan 20 mageh!

Sabtu, 25 April 2020

(4) APRIL MOP (mumpung April urung mingser)


Paman Basori cs agi leyeh-leyeh nang gubug ngiras ngenteni tekane adzan dzuhur. Golehe sekepenake wudele masing-masing, sing penting ndopok nganti wareg. Ndilalah, agi ngepasi dopokan sekang iring kulon ana sing ngorong-orong njaluk tulung. Kontan baen sing agi padha dopokan padha pandeng-pandengan mertakaken tekane swara njaluk tulung.
“Krungu apa ora?” Takone Paman Basori karo nyureng.
“Krungu! Swarane wong lanang!”
“Mayuh deudag … sekang kulon tekane!” omonge Paman Basori ngabani kanca-kanca liyane.
Golehe mlayu kedhungsangan mlipir galengan. Arit karo pacul degegem kenceng, e mbok jere sapa sing maraih tulung-tulung kuwe kewan galak. Ora gantalan suwe golehe padha

Jumat, 24 April 2020

(3) SELERA JIN


              Tolib gedheg-gedheg nang ngarep kaca.
Perjaka umur 35 taunan kuwe gur teyeng ngresula, sebab nganti umur semono urung ana bocah wadon sing gelem dejeki rabi. Ajaha rabi, dejeki pacaran ben emoh koh. Apa inyong kuwe kurang nggantheng apa ya? Batine.
Bar curhat maring Darno, kancane, Tolib detuduhaken umaeh Joni, maklar barang-barang kuno. Tekan njero ngumaeh Joni, Tolib bingung bareng dejongoki ali-ali akik.
“Mangsude?” takone Tolib karo nyekel ali-ali akik combong, pancawarna klawing sing ana bolongane nang tengah akik. Kuwe sing darani watu akik combong.

“Enggonen. Mesthi bakal ana bocah wadon sing seneng karo awakmu!”
“Kiye pelet mangsude?”
“Udu! Kiye udu pelet, ningen srana!”
“Kiye dedol?”
“Hiya laah … murah koh! Gur telung atus.”
“Telung atus perak?”
“Telung atus ewu!”
“Busyet! Deneng larang temen si?”
“Oalaaaah rika kepriben si? Jer basuki mawa beya! Kepengin olih bocah wadon ya kudu modhal, ora gur modhal dhengkul!”
Ningen wekasane Tolib tetep gelem mbayar.
 Bubar kuwe mben dina ali-aline dingo mayeng terus. Nganah-ngeneh angger ana bocah wadon, ali-ali combong kuwe deathung-athungaken. Apa sing kadedayan? Ora degape

Kamis, 23 April 2020

(2) AKAL BULUSE MBAK ARMI


Mbak Armi ngeslah motore.
Ora gantalan suwe motor wis nggleser maring panggonan kerja. Kadidene muslimah, kebeneran dheweke nganggo hijab utawa jilbab. Ningen senajan kaya kuwe, kewajiban nganggo helm tetep delakoni, senajan cekadhang helm-e kuwe cokan maraih kudhunge kusut. Mulane lewih sering nunggang motor, helm-e deslobokaken nang lengene.

Bareng tekan prapatan bangjo, pas motore mandheg ana pulisi sing njaga nang pinggir. Matane Mbak Armi mlolo bareng weruh pulisi kuwe. Kayane pulisi anyar tugas. Biyasane papan kuwe ora nana pulisi. Sing penting kanggone si Mbak, pulisine nggantheng banget.

Dina ngesuke Mbak Armi sengaja nganggo kudhung sing ana sanggule utawa sing cokan desebut jilbab punuk onta. Lah kepriben jajal? Mesthi baen helm-e ora muat, mulane

(1) BRUG KALI KLAWING PEDHOT


(Cathetan jaman brug-e pedhot 18 Maret 2017)

Ngarepaken maghrib Joni tegin ketungkul dolanan HP.
Thing! Ana WA mlebu. 
Nom-noman tanggung kuwe njuran mbukak kiriman nang Grup “Sluman-slumun Slamet”. Dheweke olih kiriman gambar.
         Sumber gambar: radarbanyumas.co.id

“Brug kali Klawing pedhot?! Yes! Yes! Yeessss!” noman-noman kuwe keton seneng banget karo ngepelaken tangane. Dheweke ora ngerti yen nang mburine kakange kawit mau ngulati sapari polaeh.
“Jon!”
“Hah?” noman kuwe kaget deundang lon-lonan nang kakange.
“Ana apa si koh kayane keton seneng banget?”
“Brug Kali Klawing pedhot! Seneng inyong Kang!”
“Astaghfirullooooh….. ko dadi bocah dablongan banget si? Ana brug kali Klawing pedhot koh malah surak-surak. Mesthine kudu priatin, jalur ekonomi Karanganyar Bocari macet. Drop-dropan sing padha dagang macet. Sekang Rembang macet…. Oalaaaa Joooon….. garep molaih kapan awakmu nduweni rasa empati sih?”
“Apa kuwe empati?”
“Melu ngrasa sedhih, melu ngrasakaken pritain. Pirang bara nyebut istigfar, kiye malah