Sabtu, 25 April 2020

(4) APRIL MOP (mumpung April urung mingser)


Paman Basori cs agi leyeh-leyeh nang gubug ngiras ngenteni tekane adzan dzuhur. Golehe sekepenake wudele masing-masing, sing penting ndopok nganti wareg. Ndilalah, agi ngepasi dopokan sekang iring kulon ana sing ngorong-orong njaluk tulung. Kontan baen sing agi padha dopokan padha pandeng-pandengan mertakaken tekane swara njaluk tulung.
“Krungu apa ora?” Takone Paman Basori karo nyureng.
“Krungu! Swarane wong lanang!”
“Mayuh deudag … sekang kulon tekane!” omonge Paman Basori ngabani kanca-kanca liyane.
Golehe mlayu kedhungsangan mlipir galengan. Arit karo pacul degegem kenceng, e mbok jere sapa sing maraih tulung-tulung kuwe kewan galak. Ora gantalan suwe golehe padha
mlayu tekan kulon papan rungkud, ngisor wit cangkring. Swara tulung-tulung semangkin seru.
“Hop! Lho? Kae si Darkum kan?”
“Lha iya si! Oooo dadi dheweke kuwe sing tulung-tulung?!”
“Aneh! Mangsa tulung-tulung koh karo malangkedhek kang ndhuwur watu gedhe!”
Darkuuum! Darkuuuum!
Wekasane Paman Basori undang-undang sing agi malangkedhek nang nduwur watu gedhe. Sing deundang nylingak, ningen njuran cekakakan. Sing padha teka heran.
“Hahahaaa! Ana apa padha ngeneh si?”
“Lho kan awakmu sing miki tulung-tulung mbokan?”
“Oooo …. kuwe mau gur guyon.”
“Mangsude guyon?”
“Mau mbengi nang TV ana acara cuplikan luwar negeri, jenenge April Mop.”
“Terus apa hubungane karo ko tulung-tulung?”
“April Mop kuwe nggawe kejutan, guyonan, surprise! Sing sapa kena bahan kejutan kuwe ora kena jengkel. Kuwe jenenge April Mop.”
“Wadhuuh!”
“Lah mulane inyong mau njajal, tek cakakaken maring awakmu kabeh. Lah rika padha kedhungsangan mengeneh…. Rika tek dadekaken obyek guyonane inyong hahahaaa!”
Paman Basori sekancane jengkel banget.
Ningen dhasar bae genah wis deteranganeken yen ora kena jengkel njuran nggolet akal. Wekasane Paman Basori mbisiki kanca-kancane liyane. Liyane manthuk-manthuk sepakat.
Hayo! Hayo! Hayooooo!
Omongane si paman sekancane karo ngagar arit karo pacul marane pernahe si Darkum. Darkum kaget. Ora ngira yen wong papat sing teka  kuwe padha ngudag. Darkum girap-girap. Raine pucet.
Bleber!
Nom-noman kuwe mlumpat nggolet slamet. Ningen sing padha ngudag tetep ora gelem kalah. Wekasane wong siji deudag-udag wong papat.
Bleber! Set! Slaraap! Byur!
Dhong nglumpati kalenan tanggung, sikile Darkum kepleset. Awake tiba maring kalenan cethek. Raine nyungsep dhimin.
Adhuuuuhhhh….! Darkum mringis. Bathuke benjut. Lengene kesleo.
Ora gantalan suwe Paman Basori  sekanca teka. Raine Darkum semangkin pucet.
“Ajaaa…… ampuuuuunnn….. “
“Sambat ngonoh!”
“Aku aja depateni ……. nyuwun ngapuraaa…… “
“Sapa sing arep mateni? Urusan karo pulisi? Debui? Mateni wong ora penting? Sorry ye!” omongane Paman Basori karo gemuyu.
“Kuwe mau kejutan Kuuum! April Mop!” omonge liyane.
“Yaaaaa…… April Moooooop! Hahahaaaaa………” Paman Basori nggenahaken.
Paman Basori separa kanca cekakan karo ninggalaken sing tegin klekaran nang wangan. Ora peduli Darkum tegin pringisan. April Mop dewales April Mop. Paman Basori puas.
Urung suwe wong papat mungkur, Darkum ngorong-orong maning.
“Tuluuuung….. tulung ….. ana ulaaaaaa! Wua! Wuaaaaaa ….. tuluuuungggg……”
Krungu kaya kuwe, Paman Basori cs ora nglegewa. Ore kepengin deapusi maning.
Memange percaya April Mop? Kampret!
***
Ngarepaken sandhekala , Paman Basori kaget bareng weruh Darkum karo bojone numpak dhokar krudhung sarung. Raine sing wadon katon kaya maras banget.
“Kenang apa si Darkum?” takone Paman Basori bareng dhokar liwat pas ngarep irunge.
“Decathek ula!” wangsulane bojone Darkum.

Paman Basori mlenggong. Lambene ngowoh.
Dadi? Pas mau awan kae terakhir si Darkum njaluk tulung berarti ana ula temenenan? Dudu April Mop? Nasibe Darkum pancen apes. ***
Diks Blakasuta


Tidak ada komentar:

Posting Komentar