Minggu, 17 Oktober 2021

(15) PAMAN DURYAT GIGAL

 


Paman Duryat wis diabani bojone, Bibi Tami, yen ngarepaken mangsan udan kudu mbeberes gendheng. Ningen si paman leha-leha baen. Sing kaya kuwe njalari si bibi madan sebel.

“Inyong garep menggone Kaki Santarip!” omonge si bibi.

“Weleh! Garep ngapa?” takone si paman karo njenggirat.

“Garep ngapa? Genahan gendheng pawon kae mlompong koh!”

“Mendi ana mlompong! Wong tegin mlimping koh!”

“Ora urus! Arep mlompong, arep mlimping sing penting gendheng kudu dedandani.”

“Ongkose pira maring si kaki kuwe?”

“Seket ewu laaah!”

“Wualah! Larang temen si! Gur mbeneraken gendheng bocor baen kenang ora detandangi dhewek! Ngeneh dhuwit sing seket nggo inyong baen! Nggo tuku rokok!”

“Oalah…. Oalaaaah…… ora petha temen si? Wong ndandani umaeh dhewek koh njaluk debayar maring bojone!”

Sidane karo madan bada-budi si bibi ngulungaken dhuwit sepuluh ewu. Si paman ngowoh weruh dhuwit sepuluh ewu.

“Deneng gur sepuluh ewu?”

“Jere nggo tuku rokok!”

“Seket ewu!”

“Temenan kuwe?” omonge si bibi nantang.

“Temenan laaah!”

“Tapi awas ya….. mengko mbengi angger rika ngejek kekepan karo inyong, kudu mbayar rong atus ewu ….. saben ngekep! Murah koh!”

“Busyeeeeeettttttt!!!!!”

Sidane si paman ora njaluk bayaran. Kluntrung-kluntrung wong lanang kuwe maring nggone Pak Mandor, tanggane, seperlu nyilih andha. Bubar kuwe nggoleti gendheng sing madan bener nggo nyulihi sing mlorod utawa malah mbokan ana sing pecah.

Klethak-klethek ngrungokaken sing munggah payon. Kresek-kresek, brak-brak-bruk, gedubrag! Klonthang.

“Aja debalang-balangaken Kaaang! Eman-eman!” si bibi sekang njero.

“Ora ana sing debalangaken!”

“Lhooooo………….???? Rika wis medhun Kang?” omonge si bibi karo mlaku metu sekang pawon maring panggonane si paman nyawara.

Bareng tekan njaba, si bibi kaget banget senajan ora ngosi kejengkang ngathang-athang. Matane mlolo weruh sing lanang agi turonan nang lemah.

“Lah agi ngapa rika si?”

“Hadhuuuhhh …… inyong tiba Mi!”

“Tiba??? Dadi kae mau sing kemlonthang gedubrag-gedhubrug kuwe rika sing gigal?”

“Hadhuuuh …. iyaaa…. mageh inyong tulungi …. Lengenku kesleo… dhengkule dhadhas!”

Sidane sore kuwe si paman degawa maring dokter. Saran dokter malah kudu meng klinik rontgen (ronsen) mbok ana sing apa-apa. Wekasane ya deturuti bae sarane dokter.

Maring dokter entong pitung puluh ewu, maring klinik rontgen satus ewu. Senajan madan nyalahaken, ningen bibi Tami ora tega nyalahaken sing lanang, senajan critane sing lanang garep ngirit dhuwit seket ewu, nandangi ndhewek munggah gendheng malah gigal. ***

Diks - Blakakisut

Selasa, 29 Juni 2021

(14) WONG METENG NGETOKAKEN WEDHUS

 

Mbengi kuwe Joni mangkat rondha nang pos kamling. Tekan ngkono sing wis ana wong telu, Paman Jogol, Pak Gapret karo Paman Munaryo. Bareng tekan ngonoh si Joni ngesok bungkusan kresek.

“Niki saking bapane ….. mboten saged rondha, mergane sumeng!”

“Lah kuwe nggawa apa?” takone Paman Jigol.

“Tales godhog. Terose ngge lawuh medang.”

“Ooooo ya apik kuwe, kebeneran sing ngeteri termos wis teka mau kuwe. Gye, bapamu kuwe sumeng apa si?”

“Duka nggih …. Ning nyekethem weteng mawon.”

“Kencot kuwe!” cluluke Pak Gapret karo njimot tales.

“Hus! Ngawur baen njenengan. Gye, Jon, wingenane nini Simprah kan lara mangan roti mari …… “

“Deneng mandi temen niku?” omonge Joni lugu.

“Jamane inyong kiye sing sekiye kaplak-kaplak, gemiyen akeh sing aneh-aneh lho. Beda karo jaman sekiye, apa-apa serba modern. Ora ana sing aneh …..”

“Gemiyen nang RT ngkene heboooh ….. tanggaku akeh sing mangan iwak mati!”

“Wualaaahhh…..!” Joni gedheg-gedheg.

“Ari wis mati delangkahi kucing urip!” cluluke Paman Munaryo.

“Wualaah!!!!!” Joni njundhal.

“Memang bener kuwe Man Munar Jon, angger deuncali kucing njuran padha mlayu….”

“Wuiih…. Wuiiih…..”

“Kuwe tanggane Man Munar, lah ari tanggaku mati, eeehhh ….  bareng kayime teka terus njagong!” paman Jigol emoh kalah.

“Wualaaahhhh…… sereeemm…..”

“RT-ne ngkene pancen masyhur temenan. Jajal bayangna Jon, nang RT ngkene kuwe ana wong meteng ngetokaken wedhus lho!”

“Wualaaaahhhhh….. biyuuuh….. biyuuuuuuuuhhhhh……”

“Akeh bocah-bocah wadon sing padha nduwe anak kuwe meteng dhisit ……”

“Waaahh…. jan , bubrah temenan ….. “ grundele Joni.

Merga si Joni gur wualah-wueleh baen, wekasane wong telu padha cekakakan kabeh. Gur si Joni baen sing ndomblong ora ngerti pok buntute. Kayane padha puas pisan nggarapi si Joni.

“Ana maning Jon, nang RT-ne dhewek kuwe, gemiyen Pak Gapret silem, nggawa senthir ora mati lho ….”

“Wualah…. Leres niku Pak?” takone Jono semangat.

“Hahaaa….. ya kerpriben golehe senthire mati? Wong sileme gemiyen, njur golehe nggawa senthire sekiye!”

“Woalaaah……. inyong digathaki kiye ya????? Lah sing mati delangkahi kucing urip?”

“Lha ya mendi ana kucing mati nglangkahi…… “

“Oalaaaahhhh……. Klebu sing kucinge mlayu wau niku? Iwak mati depangani? Ya bener …. Leres niku, mangsa iwak urip depangani ….. eleaahhhh……”

"Ana wong mati kayime teka terus njagongpiwe?"

"Sing njagong kayime!"

"Oalaaah, tek arani sing njagong kuwe sing mati!"

"Haha!"

"Lah ariwong metenge ngetokaken wedhus tah mokal, mesthine ya ngetokaken bayi!" 

“Lah wong meteng ngetokaken wedhus ya ora papa lah, arep ngetokaken ayam, ngetokaken pit ben ora nana sing nglarang mbokan?”

Joni gur teyeng gedheg-gedheg krasa deblithuk entong-entongan. Nah, niyate mengko ngelmu "aneh"kiye garep nggo capean nang sekolahan. Mesthi batire sing bocah jaman sekiye akeh sing urung mudheng guyonan jaman gemiyen ***

Diks - Blakakisut

1432