Senin, 18 Mei 2020

(13) DABLONGAN TULEN



Wahono aseng Si Sri, anake wadon,  lunga meng bank. Anake dhewek ya wis maklum merga biyasane telung wulan sepisan olih kiriman sekang Arab. Kiriman sekang sapa maning ari ora sekang bojone, si Surti. Bojone kuwe kayane wis wetara patang taun lunga maring Abu Dhabi (ari gampange tah Arab, senajan udu Saudi Arabia) seperlu njaga jejege kendhil pawon.  Senajan kakapengan ora ketang setaun sepisan bali tilik ngumah, ningen ya mesthi tilike.
“Dolar agi naik Sri!” omonge Wahono maring anake. Bocah kelas papat SD kuwe ora nggubris.
“Embuh.”
“Yeeh…. Domongi dolar agi naik koh!”
“Ora ngerti mangsude!”
“Rupiah medhun!”
“Embuh!”
“Oalaaahhhh! Kepriben si?”
“Bapane ngomong apa inyong ora mudheng!”
“Dolar agi naik, mulane kirimane biyungmu kuwe senajan ngirim kaya biyasane, ningen bareng deijolaken nganggo rupiah, dhuwite olih lewih akeh!”
“Biyunge hebat ya Pa!”
“Iya laaah …. Biyungmu!”
“Bapane tah dablongan!”
“Hah??? Apa??? Ngarani inyong dablongan? Dablongan apa mangsude?”
“Yakuwe, biyunge tah sregep nyambut gawe ningen rika nganggur malah moroti dhuwite biyung. Kuwe sing jenenge dablongan!”
“Lah, laaah …. Sing maraih ko ngomong kaya kuwe sapa jajal?”
“Pak Kemi!”
“Terus sapa maning?”
“Mbah Turah!”
“Terus ana maning apa ora?”
“Ninine inyong!”
“Nini sing mendi jajal? Nini Karangpoh apa nini Kedungbenda?”
“Nini Kedungbenda!”
Domongi kaya kuwe Wahono klamet-klamet cangkeme. Drijine garuk-raguk endhas sing ora gatel. Nini Karangpoh kuwe tah biyunge Wahono, ningen ari Nini Kedungbenda tah biyunge Surti, tegese mertuwane Wahono. Domongi kaya kuwe liwat anake, kadidene mantu ya isin. Mendhing tegin ana isine. Apamaning ukara kuwe detekakaken liwat anake wadon, dheweke darani bapa sing dablongan.
“Dablongan artine apa si pa?” takone Si Sri. Wahono klecam-klecem.
“Enng…ngggg….. dablongan kuwe apa si ya? Ganteng Sri, dablongan kuwe ganteng!”
“Halah! Wis dablongan, ngapusi anake maning! Inyong mau gur ngetes bapane! Hahaaaa!”
“Hah? Mangsude?”
“Dablongan kuwe padha baen karo conggresan! Jerene si nini, dablongan kuwe ora kena nggo agul-agul …… embuh lah pokoke akeh banget ninine ngomong!”
“Terus ngomong apa maning ninine kuwe?”
“Rika kon kerja! Aja gur biyunge thok! Melasi toli  biyunge, nyambut gawe adoh-adoh malah bapane gur ongkang-ongkang!”
Ari plekara omongane mertuwane, Wahono pancen ora wani jawal. Merga kabeh kuwe bener. Nganti seprene watek kesed gawan cilik kayane tegin deingu nganti kalpak kaya sekiye wis anak-anak. Wis ping pira mertuwane nyemes, kayane ora tedhas. Lah sekiye golehe nyemes liwat anake. Ari Wahono urung owah, pancen wis ndableg temenan. Dablongan tulen. ***
Oktober 2015 - 449
Diks - Blakakisut


Jumat, 15 Mei 2020

(12) MENUNGSA NGUNGKULI SETAN


Kaki Mudakir agamane Islam.
Ningen aneh, arang banget ngambah mesjid. Sing jenenge wudhu baen ora apal kudu mendi dhimin sing dewasuh. Mulane kuwe sing jeneng shalat limang wektu ora tau lat golehe ora. Iya, ora tau lat golehe ora. Jaman cilik lan pemudane pancen klebu braholan. Senengane kluyuran nganah-ngeneh. Ari inum-inuman ciu nanti mendem, main kertu lan sepenunggalane. Yah, mungkin kaya pemuda braholan sekiye. Bedane ari pemuda braholan sekiye, kluyuran maring ngendi-ngendi nampak terhormat, golehe mendem kuwe udu ciu, ningen bangsa miras sing wis njeprah nang toko lan warung. Tur maning ketambahan mengkonsumsi narkoba.
Sewijine dina Kaki Mudakir mangkat maring sawah. Tangine madan awan. Krungu adzan shubuh, ningen gur ngulet terus njaluk kopi maring bojone. Bubar kuwe terus mangkat maring sawah. Pas adzan shubuh liyane padha shalat nang gubug, si kaki ora. Wayah ngasar ya krungu adzan, ningen cuek baen. Semono uga pas maghrib lan ngisya’. Pancen koh, critane sedina med kuwe setan terus ngancani nggo memantau kahanane si kaki.
Wengi-wengi pas agi  pas garep turu, setan mikir mandheg mangu. Setane minggrang-minggring kaya garep nyimpekaken lunga. Akhire pancen milih mlayu nggendring mlayu ninggalaken si kaki.
“He ! Paman setan , aja mlayu, garep maring ngendi ?” kaki Mudakir ngundang.
“Emoooh! Wedi, inyong wedi karo rika !” Omonge setan.
“Wedi dhapurmu ! Ko sing setan sing kudune medeni ! Mengeneh dhimin !” pakone kaki Mudakir karo ngrasa heran.
Wekasane setane mandheg. Njur lon-lonan medhek maning.
“Inyong mrinding githoke weruh kelakuanmu !” omonge setan blakasuta.
“Halah, setan gusut mbokan ! Kenang apa mrinding ?”
“Ko ternyata golehe melanggar prentaeh gusti Allah nglewiih inyong. Lewih parah, inyong nganti ora kuwat ndeleng!” omonge setan. Kaki Mudakir tambah heran.
“Lho ? Ora kuwat ndeleng ? Kepriben si ?”
“Ki , ko pancen klebu pengikute inyong sing setia. Ningen bareng tek pikir-pikir inyong malah wedi dhewek. Jajal mageh depikir, inyong gemiyen kan taat maring gusti Allah. Manggonku nang swarga, nalika inyong dikon sujud maring Adam inyong wegah! Lah kuwe, gur siji pelanggaranku, mbangkah prentah Alloh kon sujud maring adam thok. Ningen balesane apa jajal ? Inyong bakal manggon dhasare neraka. Gur merga sebab sekali mbangkang! Emut-emut, gur sepisan thok mbangkang prentah. Liyane ngajek mbangkang, ningen ngajeke kuwe wis deidini nang gusti Alloh.” omonge setan sing ngaku gur mbangkang sepisan.
“Terus ? Sing maraih wedi ? “
“Inyong wedi banget, ingatase ko menungsa, tek deleng-deleng mbangkange ping kopang-kaping. Shubuh, mbangkang, dzuhur mbangkang, ‘ashar mbangkang, maghrib mbangkang lan ‘isya uga mbangkang. Ping lima mbangkang sholat. Kuwe sedina. Sekiye umurmu wis sewidak taun, dekurangi umur baligh pitulas taun, teges ko nduwe kewajiban patang puluh telu taun wajib mengikuti prentaeh gusti Allah. Ningen mbangkang terus. Ari sedina mbangkang ping lima, patang puluh telu taun berarti mbangkang ping pira jajal ? Etung dhewek ! Kuwe gur sekang sholat, urung ko mbangkang kon aja mabok, mbangkang madon, nlembuk cokan nyolong, senajan gur nyolong cilik-cilikan ningen jajal ari ko ana kesempatan korupsi jutaan mesthi ya bakal melu dadi koruptor . Iya mbokan ?”
“Hah?”
“Lah iya, inyong baen sing mbangkang sepisan panggonane nang neraka, apamaning ko sing mbangkange ora ketung . Apa enggane tegin ngarep-arep swarga ? Inyong wediiiiii………….wediiiiii…….. ngonoh dosane tanggung dhewek !” omonge setan karo mlayu ninggalaken Kaki Mudakir dhewekan.
Lenger-lenger si kaki krungu omongane setan.
Bener omongane setan. Senajan setan baen ningen ana benere. Atine njuran sadhar yen kelakuane sekiye jebul malah ngungkuli setan sing dadi gurune. Dheweke sekiye njuran wedi. Umure wis tuwa.
Mumpung tegin urip, batine si kaki sing garep molaih tobat. ***

Edisi 11 Desember 2004
Mas Guru

Sabtu, 09 Mei 2020

(11) TURUNAN NABI KLIKIKAN WETENGE



 Paman Karyamenawi nglegoso nang risban. Wetenge dicekeli. Sedhela-sedhela mringis. Kebeneran wektu semono anake lanang, Jayus bali. Weruh bapane pringisan, si Jayus nggodhani.
“Medhot baen Pa!”
“Medhot apane?” takone si paman karo njenggirat njagong.
“Golehe puasa! Ari imane urung kuat, olih medhot koh!”
“Woooo tek brengkolang sandhal temenan. Ngenyek maring wong tuwa ya. Bapane kuwe imane kuwat. Wis nganah aja pengglothakan karo wong tuwa.”
“Bener bapane kuwat?”
“Seh! Memange aku kiye sapa si? Turunane Kanjeng Sunan Kalijaga! Isin ari inyong ora puasa!” omonge bapane karo jegang.
“Inyong malah turunan Nabi!”
“Huuu nabi sapa! Bocah kaya ko ora pantes dadi turunan Nabi!”
“Bapane ora percaya?”
“Ya ora! Ko terlalu muluk-muluk si!”
“Inyong kuwe turunane nabi Adam! Rika ora percaya?”
“Oooo nabi Adam … tek kira nabi sapa mau  …. “
Orang gantalan suwe si Jayus lunga. 
Si paman bali klesedan maning. Wetenge pating klikik. Cengar-cengir. Pikirane madan nakal semendhing, mau mbengi bar saur weruh tegin ana tahu telung iris. Angkane garep deakali, lawang lemari debukak, piring jejungkelaken. Iisine garep deentongaken, ningen ben dekira depangan kucing. Tahune depangan nggo ngganjel weteng. Niyate garep mitnah kucing.
“Heee… Kang! Ngisin-isinaken temen wong tuwa puasa tembe pirang dina tegin cengar-cengir kencoten kaya kuwe!” ijig-ijig sing wadon mencungul.
“Heeee sapa sing kencoten si? Inyong kiye lagi … nggg ….”
“Rika kencoten toli? Medhot baen!”
“Medhot? Hahaaa! Isin Mi, masa turunan nabi pedhot puasane!”
“Sapa sing turunan nabi? Rika ? Hahaaahaha…… “
“Lha iya si! Inyong kuwe turunane nabi Adam!”
“Hah … oiya ya …..  dadi inyong kiye bojone turunan nabi ya ….. bagus! Dadi awas ya aja nggawa-nggawa asmane nabi angger rika puasane ora sewulan med! Sida-sida tek brengkolang blukang temenan!”
Paman Karya cengar-cengir. Bojone mlebu. Bareng tekan njero weruh lawang lemari mbukak. Wong wadon kuwe ilang-ileng tahu sing mau tegin ana telung iris. Jebul tahune wis ilang.
“Kang, rika sing njikot tahu ya?” takone sing wadon. Si paman montong-montong.
“Ualah! Ngawur baen ko! Sapa sing mangan tahu? Masa turunan abi mangan tahu agi puasa.”
“Lha kiye, tahune nang endi jajal?”
“Maune tah pancen ana niyat, inyong garep medhot, tur ya gur ana tahu thok. Ningen sebelum kadadeyan ko wis ngecosi inyong. Inyong ora ngrasa! Mesthi kucing!”
“Kucing apa sing nduwe kucing?”
“Kucing!”
“Hahaaaa!”
“Ko malah ngguyu! Domongi inyong ora mangan tahu koh …… “
Paman Karya kesuh ngrasa depitnah.
“Tahune tek pangan inyong Yung! Inyong agi alangan, ora puasa!” omonge Darini , anake wadon, sing tembe njedhul. 
Si paman gedheg-gedheg.
“Ko kudu njaluk ngapura wis mitnah inyong Mi!” omonge si paman maring bojone.
“Bapane ya kudu njaluk ngapura maring kucing! Bapane mitnah kucing!”
Si paman lunga karo bada-budu. Plekara tahu telung iris baen malah dadi dawa, ana pitnah nganah-ngeneh. ***

            Majalengka, Ramadhan 2006




Rabu, 06 Mei 2020

(10) Crita Cekak: PRAWAN TUWA



Jam sepuluh mbengi.
Lincak ngarep omah ora nywara. Tegese sing lungguh ora mobah mosik. Martini, prawan umur 32 taun, mripate nyawang prenahe rembulan kang remu-remu katutupan mega. Let pirang sekon mega mlaku, mbaka sethithik padhange teka maneh. Prawan mau nggresah. Pikirane njupuk bebasan kang padha karo rembulan kang kala-kala sunare katutup mega, nanging ing wayah kang wis tinamtu, bakal teka sunare maneh.
Lagi mau sore Martini mulih menyang Tutur, desane. Jarene kepengin ngegar-egar ati. Mbirat rasa senep lan buneg neng kutha. Paling ora kaya ngono kang dikandhakake marang biyunge.
“Hawane adhem, mlebua Tin ….. “ saja njero biyunge ngemutake.
“Sedhela engkas Yung.” wangsulane Martini karo noleh marahi lincak gemriyet marga awake obah.
“Wis telung jam awakmu ngalamun neng kono……”
“Mbulane apik.”
“Durung tanggal limalas. Rong dina maneh. Kahanan bakal semanger.”
“Kapan desane dhewe semanger Yung, desa Tutur kawit mbiyen rasane kaya

Minggu, 03 Mei 2020

(9) Crita Cekak: DOSEN SIMPENAN


Ratih gething banget marang Pak Ranto. Dosen enom nanging olehe umuk ngudubilah. Kaya-kaya neng kampus iku ora ana dosen sing luwih pinter, luwih beja, luwih menjila katandhing dheweke. Ning ya pancen ana empere Pak Ranto umuk marang mahasiswane dimen padha tuwuh motivasine. Bisa kabayangake yen Pak Ranto nalika mahasiswa kasil nggondhol medhali perak nalika olimpiade matematika tingkat mahasiswa ing Teheran patang taun kepungkur.
“Lehe umuk kuwi ana sebabe Tih …. dimen mahasiswane padha wedi!” Kandhane Yayu nalika bubar kuliah aljabar abstrak sing dosene Pak Ranto kuwi.
“Ra ana sing perlu diwedeni. Dheweke senajan dosen ning ya doyan lotek neng kantin kampus kok!”
“Karepe apa?”
“Kelase ora beda karo awake dhewe! Hihihi….. karomaneh dhewekne uga nate crita yen asale saka ndesa ta? Saka Rawalo. Hihihi… Rawalo ra ana neng peta.”
“Karepe apa?”
“Ha isih menang awake dhewe ta? Aku saka kutha Karanglewas - nyambung Purwokerto, awakmu saka Magelang. Kabeh wong ngerti neng endi kutha-kutha mau. Mbalik yen Rawalo? Huuuu…. apa iku? Wong kok ndesa banget!” kandhane Ratih karo ngguyu kekel.
Telung dina candhake dina Kemis awan bubar kuliah Ratih bablas menyang terminal. Jemuah Setu kebener pancen ora ana jadwal kuliah, mula dheweke kepengin mulih menyang Purwokerto. Kebener wis meh sewulan ora mulih dadi ya ngiras njaluk dhuwit jajan.
Mlebu bis patas AC Raharja isih rada lowong. Kebener neng jok kaloro durung ana sing lungguh, dheweke menyang kono. Mak srog bokonge diseleh. Gawane sing ming sethithik dipangku bae. Karo ngenteni jam mangkate, dheweke ngetokake HP. Dheweke banjur mbusak SMS-SMS kang ora penting. Lagi udakara limang menitan, HP ne muni. Ana SMS teka. Bareng ditilingake nomere ora apal, unine “Mulih ndesa ya Mbak? Kok neng kampus ora katon? .
Huh! Dhasar! Genah-genah mau kuliah kok. Gek sapa sing jail ngarani sak-sake. Grenenge Ratih karo mbales SMS. “Iki sapa ta? Saenake udele dhewe! Aku mau ki kuliah. Yen saiki pancen arep mulih! Neng Purwokerto! Kuthaaaa…. Enak bae ngarani. Iki polahe Yayu ya?
Wekasane malah ora dijarag ratih malah kaseret nglanggati SMS mau.
“Yayu cah Magelang ya?”
“Iki dudu Yayu ta? Sapa ya?”
“Hihi….. jenengmu Ratih ya? Biyasane yen mulih ndesa sok numpak bis Raharja ya?”
“Kok ngerti?”
“Ngerti bae. Dina iki kayane awakmu ya numpak bis Raharja ya?”
“Lho …. waaahh…. Kowe mesthi ngulati aku saka kadohan…… neng endi ta?” Bareng wis ngirim SMS Ratih clilang-clileng pernahe terminal sing sangsaya rame. Ing angkah kepengin ngerti sapa sing wis njaili dheweke. Neng batin dheweke mung bisa mbadhe-badhe. Mesthi kancane kuliah sing uga arep mulih neng terminal.
Niiit. Niiiiit. Niiiiiit! SMS teka maneh. Ratih mbukak SMS mau.
Aku neng jok mburimu pancer……
Ratih kaget. Dheweke ngadeg saekal, saking kepengine

Jumat, 01 Mei 2020

(8) ORA SOPAN MARING PEJABAT


Jaman cilikane inyong, tek sawang-sawang, tek bandhinganaken karo jaman sekiye adoh banget sungsate. Sasat ora bisa dibandhingaken. Misale baen, ari jaman sekiye bocah-bocah angger preian dawa, sing umaeh adoh-adohan padha kirim-kiriman layang, sekiye langsung baen SMS utawa WA-an. 
Nang babagan liya, angger mlaku nang ngarepe wong tuwa kudu mbungkuk, karo ngendhepaken sebelah tangan. Jaman sekiye bocah-bocah angger mlaku nang ngarepe wong tuwa keton dlajigan  banget (kaya ora tau dewaraih unggah-ungguh). Mlaku ya nguthu, ngejleng baen sekepenake, pirangbara mbungkuk, manthuk baen ora.
Nang babagan nyebut jeneng wong tuwa, jaman gemiyen ngangeni banget koh. Ari nyebut sing deurmati mesthi nganggo “Pak” utawa “Bu”. Deleng baen   angger nang kantor ana sing padha omong-omongan . 
Umpamane baen nang salah sjine sekolahan :
“Pak Darmo, terose si Ibu Yanti niku tilas muride bapake nggih?” takone Pak Jamil dhong agi padha ngaso nang ruang guru.
“O iya, Bu Yanti gemiyen muridku, dhong sekolah nang ngkene taun 1997.”
“Koh ngundange ora Yanti baen si?”
“Heheee… ya ora laah, Yanti kan ari tegin dadi murid. Ari sekiye wis padhadene dadi guru ya ngundange kudu beda.”
“Wah njenengan hebat banget lho ….. “
“Ya ora hebat laaah …. wong memang kudune kaya kuwe koh, kudu teyeng mbedakaken  nang endi kudu ngundang jenenge