Minggu, 03 Mei 2020

(9) Crita Cekak: DOSEN SIMPENAN


Ratih gething banget marang Pak Ranto. Dosen enom nanging olehe umuk ngudubilah. Kaya-kaya neng kampus iku ora ana dosen sing luwih pinter, luwih beja, luwih menjila katandhing dheweke. Ning ya pancen ana empere Pak Ranto umuk marang mahasiswane dimen padha tuwuh motivasine. Bisa kabayangake yen Pak Ranto nalika mahasiswa kasil nggondhol medhali perak nalika olimpiade matematika tingkat mahasiswa ing Teheran patang taun kepungkur.
“Lehe umuk kuwi ana sebabe Tih …. dimen mahasiswane padha wedi!” Kandhane Yayu nalika bubar kuliah aljabar abstrak sing dosene Pak Ranto kuwi.
“Ra ana sing perlu diwedeni. Dheweke senajan dosen ning ya doyan lotek neng kantin kampus kok!”
“Karepe apa?”
“Kelase ora beda karo awake dhewe! Hihihi….. karomaneh dhewekne uga nate crita yen asale saka ndesa ta? Saka Rawalo. Hihihi… Rawalo ra ana neng peta.”
“Karepe apa?”
“Ha isih menang awake dhewe ta? Aku saka kutha Karanglewas - nyambung Purwokerto, awakmu saka Magelang. Kabeh wong ngerti neng endi kutha-kutha mau. Mbalik yen Rawalo? Huuuu…. apa iku? Wong kok ndesa banget!” kandhane Ratih karo ngguyu kekel.
Telung dina candhake dina Kemis awan bubar kuliah Ratih bablas menyang terminal. Jemuah Setu kebener pancen ora ana jadwal kuliah, mula dheweke kepengin mulih menyang Purwokerto. Kebener wis meh sewulan ora mulih dadi ya ngiras njaluk dhuwit jajan.
Mlebu bis patas AC Raharja isih rada lowong. Kebener neng jok kaloro durung ana sing lungguh, dheweke menyang kono. Mak srog bokonge diseleh. Gawane sing ming sethithik dipangku bae. Karo ngenteni jam mangkate, dheweke ngetokake HP. Dheweke banjur mbusak SMS-SMS kang ora penting. Lagi udakara limang menitan, HP ne muni. Ana SMS teka. Bareng ditilingake nomere ora apal, unine “Mulih ndesa ya Mbak? Kok neng kampus ora katon? .
Huh! Dhasar! Genah-genah mau kuliah kok. Gek sapa sing jail ngarani sak-sake. Grenenge Ratih karo mbales SMS. “Iki sapa ta? Saenake udele dhewe! Aku mau ki kuliah. Yen saiki pancen arep mulih! Neng Purwokerto! Kuthaaaa…. Enak bae ngarani. Iki polahe Yayu ya?
Wekasane malah ora dijarag ratih malah kaseret nglanggati SMS mau.
“Yayu cah Magelang ya?”
“Iki dudu Yayu ta? Sapa ya?”
“Hihi….. jenengmu Ratih ya? Biyasane yen mulih ndesa sok numpak bis Raharja ya?”
“Kok ngerti?”
“Ngerti bae. Dina iki kayane awakmu ya numpak bis Raharja ya?”
“Lho …. waaahh…. Kowe mesthi ngulati aku saka kadohan…… neng endi ta?” Bareng wis ngirim SMS Ratih clilang-clileng pernahe terminal sing sangsaya rame. Ing angkah kepengin ngerti sapa sing wis njaili dheweke. Neng batin dheweke mung bisa mbadhe-badhe. Mesthi kancane kuliah sing uga arep mulih neng terminal.
Niiit. Niiiiit. Niiiiiit! SMS teka maneh. Ratih mbukak SMS mau.
Aku neng jok mburimu pancer……
Ratih kaget. Dheweke ngadeg saekal, saking kepengine
sapa sing ng-SMS, mangka ming neng mburine. Nanging bareng weruh sapa sing lungguh neng jok mburine mau, praupane Ratih manger-mangar. Gulune krasa seret nggo ngulu idu, bareng weruh neng kono ana Pak Ranto, dosene.
“Ssss…..ttt… joke isih kosong ta?” Durung mari kagete dosene wis menyat banjur lungguh neng jejere. Ratih mengkeret.
“Tek…teksih Pak….”
“Hihihi….. arep mulih ya?”
“Ennggg…inggih Pak.”
“Biyasa bae Tih. Isin aku diundang Pak, mengko yen keprungu penumpang liya mundhak digeguyu. Wong aku isih enom kok diundang Pak. Undang bae Mas.”
Ratih blangkemen. Awake krasa sumuk dadakan senajan neng njero bis AC sing hawane adhem. Dheweke uga ora ngira yen sing ngirim SMS mau dosene. Gek olehe nomer HP-ne saka sapa. Terus maneh yagene dosene kuwi uga kaya apal jenenge.
“Kok meneng bae?” Nganti sauntara Ratih meneng, wekasane Pak Ranto sing miwiti.
“Ngg… inggih Pak. Bapak pirsa nami kula saking sinten?”
“Ana sing nglapurake jenengmu marang aku.”
“Ooooo….. nglapuraken napa ta Pak?”
“Iki wacanen SMS saka sapa iki ….. unine Pak Ranto, Ratih kelas A mengatakan katanya bapak orang desa yang tidak ada dalam peta…..
“Oooohhh…… Yayu. Saking Yayu nggih Pak?”
“Iya. Yayu. Sebab sakwise dheweke ngirim SMS gelap, tak jaki mara neng kantor, eee bocahe gelem teka. Bener dheweke Yayu. Kancamu sakelas.”
“Ooooo……. “
Lolos bebayune Ratih krungu kandhane Pak Ranto. Riwene mruntus nelesi praupane sing putih bersih. Rambut-rambut sinome uga ketok teles. Bocah wadon mau ndhingkluk jero. Sauntara kuwi Pak Ranto mesam-mesem ngulati mahasiswane sing meneng kebak kaluputan.
Lete sawetara wektu bis Raharja banjur ninggalake terminal Umbulharjo. Ratih nyawang menjaba. Dheweke kepengin nylimur rasa lupute marang dosen kang lungguh ing sandhinge, nanging tetep ora bisa.
“Ratih …… “ pangundange Pak Ranto alon.
“Inggih Pak….. “ wangsulane Ratih alon . Nanging dheweke tetep ora wani nyawang dosene.
“Madhepa rene ta …….”
“Nyuwun duka Pak …. Nyuwun pangaksami.”
“Iya, ning madhepa mrene ….”
"Mmm...."
"Ratih ... ayo taaa..."
"Mmmm... inggih Pak." kandhane kenya mau alon.
Kanthi abot Ratih nyawang dosene. 
Atine Ratih kumesar nalika nyawang dosen sing ana sandhinge. Dhadhane kemutug. Kanthi cepet dheweke mbuwang panyawang. Batine mikir-mikir, geneya dosene kuwi kok kaya ora nesu, mangka wis dikandha wong ndesa. Nanging sing paling mangkel dheweke marang Yayu sing wis wani-wani nglapurake gojegane.
“Ratih …… kowe medhun neng endi?”
“Purwokerto.”
“Ooooo … kutha. Apa neng Purwokertone?”
“Nggih Pak. Wonten Karanglewas.”
“Oooo kulon kutha, kulon stasiun sepur ….”
"Inggih Pak."
“Ning sajake awakmu ora perlu keburu-buru menyang Purwokerto.”
“Maksudipun?”
“Awakmu medhun neng mBuntu bareng aku, terus genti bis, bablas menyang Rawalo.”
“Lho kok?” Ratih kaget bareng Pak Ranto ngajak menyang Rawalo.
“Mahasiswiku sing siji iki, sing jenenge Kamaratih, wis ngece dosene. Jare ndesa banget …. Rawalo ora ana neng peta. Kuwi kandhane Yayu, kancamu kuwi.”
“Nanging Pak…..”
“Mulihe tak terke. Sing baku mengko tekan ngomahku, ngobrol karo bapak ibu kira-kira setengah jam, terus dak terke menyang Purwokerto. Cedhak, setengah jam tekan Tih, liwat Patikraja.”
“Nanging Pak….”
“Yen ora gelem, aku nesu lhoo….”
Embuh ngimpi apa mau mbengi Ratih ora ngira yen dina kuwi dheweke malah digawa menyang omahe Pak Ranto. Ing mbatin dheweke arep ngamuk-ngamuk marang Yayu sing wis mbocorake bab dheweke ngandha dosene. Laku sakjroning bis Raharja kaya ora krasa adhem AC. Hawane tansah sumuk bae. Mangka saka kutha Yogya tekan mBuntu ana wetara telung jam, nanging wong loro malah luwih akeh meneng-menengan.
Ratih sing dhasare pancen krasa luput ora bisa suwala. Dheweke kaya wong sing kena gendam dijaki Pak Ranto menyang omahe. Let setengah jam lakune tekan Rawalo.  Bareng sawetara anggone mlaku nurut lurung, nuli menggok ing omah sing kepetung jembar. Latare resik. Neng latar ana kurungan ayam bekisar. Ing cedhak pavilion ana garasi. Wektu sore iku ana wanita setengah umur lagi lungguhan neng teras.
“Rantooo…..!”
“Assalaamu’alaikum ibu. Sugeng…..” kandhane Pak Ranto karo nyalami lan ngesun tangane wanita mau.
“Wa’alaikum salaam ……. mmm…. Ran, lah iki sapa?” takone wanita iku karo nyawangi Ratih. Sing disawang mesem klencutan.
“Nggiiih…. menika….. calon mantunipun ibu!” kandhane Pak Ranto karo ngguyu. Krungu kandhane dosene, jantunge Ratih kaya copot. Polatane biyas.
“Emm…. nganu Bu….” Ratih karep munggel omongane Pak Ranto, nanging disenggol lengene nganggo sikut dimen meneng bae. Senajan mangkel Ratih nurut meneng.
“Oooo…ooo…… ayuuneeee…….. ibu seneng banget, kene, kene dha mlebu. Laah ya kaya ngene iki omahe Ranto ndhuk.”
Bareng sawetara wis padha lungguhan lan ibune ngetokake inuman adhem, wong telu padha rembugan maneh. Pak Ranto ilang-ileng menjero.
“Bapak dereng kondur Bu? Ngendikanipun sonten.”
“Hiya. Harak iki sorene isih awan. Paling mengko mbengi. Eh…. Iki sapa asmane ndhuk?”
“Ratih Bu. Kamaratih….”
“Oooo Kamaratih…. Pantes ayune ….mmmh….. kok Ranto ora tau crita yen nduwe calon ayune kaya ngene.”
“Nggih dikerem riyin ta Bu!”
“Uh kaya dara bae, dikerem! Iki piyayi Yogya?”
“Sanes bu …… “ wangsulane Ratih meh ora keprungu.
“Inggih bu, sanes lare Yogya, nanging tanggane dhewek baen koh!” omonge Pak Ranto nganggo dhialek Banyumasan.
“Lho? Jebulane wonge dhewek tah? Ngendi asline si?” takone ibune Pak Ranto ngiras ndhagel nganggo dhialek Banyumasan uga.
“Saking Karang Lewas Bu…”
“Ooooo… cedhak.”
“Adhuh Bu…. Menika nuwun sewu nggih Bu, nggiiiiih. Ratih nika dereng pamitan rama ibune, margi wau wangsul sareng kula candhet dimen mampir mriki riyin.”
“Oooo…. Karepe?”
“Badhe langsung nyuwun pamit, kula badhe njujugaken dewi Ratih menika, mangke mundhak dipun dukani rama ibune.”
Sidane pancen ora kena dicandhet. Mampir neng omahe Pak Ranto mung wetara setengah jaman. Bubar shalat ‘asyar Ratih lan Pak Ranto ninggalake plataran omah. City-car Hyundai i10 warna silver tleser-tleser metu saka garasi lon-lonan. Hawa adhem AC lan parfum seger krasa pas banget karo interior sing endah. Pak Ranto kang nyetir nglirik Ratih.
“Ratih ….. “
“Nggih Pak.”
“Dina iki dak idini awakmu ngudang aku Pak. Neng kampus lan sakngarepe kanca-kanca mahasiswa kudu ngundang Pak. Nanging wiwit sesuk sakliyane neng kampus, aku wegah diundang Pak. Ngerti kenang apa?”
“Mboten Pak.”
“Wadhuuuuhhhh… Ratih, Ratiiiih ….. mau harak aku wis nepungake yen awakmu kuwi calone aku. Aku ora nesu kok. Diarani wong ndesa ya ora nesu kok. Malah seneng. Apamaneh mau ibuku ngendika ngalem awakmu apa mau? Ayuneee…… hiya ta? Mangka yen ana wanita ngalem wanita kuwi tegese tenanan. Ora lamis. Pancen bener ngedikane ibuku ……. “
Saploke dheweke diterke dening Pak Ranto, anggone tepung nambah dawa. Wong loro sangsaya raket. Nanging neng kampus babar pisan ora ana sing ngerti. Semono uga Yayu, mitrane yen nglapurake bab dheweke marang Pak Ranto. Saya suwe Ratih malah rada dhong, kenangapa Yayu nglapurake bab obrolane dheweke. Ing angkah saktemene Yayu sing kepengin kenalan karo dosen enom kuwi. Mula kanthi pawadan apa bae Yayu ngupaya supaya bisa cedhak. Yayu dheweke sajake ora ngerti apa sing kedadeyan ing antarane Ratih lan Pak Ranto. Nganti sawijining dina ora kejarag Yayu blaka yen dheweke wis nglapurake.
“Tih, apuranen aku tau nglapurake awakmu marang Pak Ranto…. Bab crita yen dheweke kuwi wong ndesa.”
“Oooo…. Ora papa. Ora wedi. Wong dheweke kuwi wonge apik kok …. “
“Apik apa? Dheweke kuwi cuex banget. Yen aku ngSMS utawa aku takon, kaya ora nglanggati. Yen aku nekad sida dak oyak tekan  mengko, ben Pak Ranto ngerti yen aku ana kawigaten mirunggan….. hhhmmm….titenana …. Kapanane tak tekani kowe Pak Doseeennnn…!” kandhane Yayu getem-getem.
“Ya tak ombyongi Yuuu….. pancen awakmu sok nekadan kok! Aku wae sing ora nduwe luput nekad dilapurake!”
“Heheheee…… “
“Yen kowe sida nekani daleme Pak Ranto, aku siyap njujugake Yu.”
“Huh! Ambekmu kuwi! Mendi ana awakmu sing gething marang wong ndesa Rawalo. Nyasar mengko kowe Tiiihhhh…… “
“Ora bakal nyasar Yu. Aku apal prapas-prapase. Gange. Madhepe. Asmane ibu lan ramane. Mobile. Latare sing ana manuk bekisare…..”
“Tih?! Ngawur awakmu! Ngarang ya?”
“Saksuwene aku srawung karo Yayu sing crigis iki ….. apa aku nate goroh?”
“Oooo…oooo…. Ora. Lah mau karepe apa?”
“Lah ya aku wis tau menyang daleme Pak Ranto kok. Kenal karo kulawargane. Adhik-adhike. Aku ya wis ana ping teluan diterke mulih saka Rawalo menyang Karang Lewas.”
“Sakmobil wong loro?”
“Iya!”
“Yagene kowe bisa kenal Pak Ranto nganti kaya ngono?”
“Yaaaaa…. Aku matur nuwun Yu, dipalurke yen Rawalo kuwi ndesa banget ora ana neng peta. Mula sakwijining dina pas bareng mulih saka Umbulharjo, pak dosen kuwi nyulik aku, ben ngerti kaya apa Rawalo kuwi. Ya akhire aku dijaki menyang daleme. Baline dheweke ngeter aku, ya saploke kuwi kulawargaku kenal dheweke. Matur nuwun ya Yuuuu….. ya saka trekahmu kuwi saiki Pak Ranto wis dadi sedulurku.”
“Sedulur apa sedulur? Aja… aja-aja.…….? Kok neng kampus ……?”
“Neng kampus dheweke dosen. Aku mahasiswa.”
“Neng njaba kampus?”
“Mas Ranto calon sisihanku Yu, wulan Haji aku bakal palakrama….”
Yayu nggeget lambe. 
Praupane pucet. Awake lemes. Prawan mau nglempuruk neng sofa. Dheweke sing saktemene ngincer dosene, malah dosene keplantrang marang sing dadi umpane. ***

                                                                            Majalengka, 2012


Tidak ada komentar:

Posting Komentar