Kaki Mudakir agamane Islam.
Ningen aneh, arang banget ngambah mesjid. Sing jenenge wudhu baen ora
apal kudu mendi dhimin sing dewasuh. Mulane kuwe sing jeneng shalat limang
wektu ora tau lat golehe ora. Iya, ora tau lat golehe ora. Jaman cilik lan
pemudane pancen klebu braholan. Senengane kluyuran nganah-ngeneh. Ari
inum-inuman ciu nanti mendem, main kertu lan sepenunggalane. Yah, mungkin kaya
pemuda braholan sekiye. Bedane ari pemuda braholan sekiye, kluyuran maring
ngendi-ngendi nampak terhormat, golehe mendem kuwe udu ciu, ningen bangsa miras
sing wis
njeprah nang toko lan warung. Tur maning ketambahan mengkonsumsi narkoba.
Sewijine dina Kaki Mudakir mangkat maring sawah. Tangine madan awan.
Krungu adzan shubuh, ningen gur ngulet terus njaluk kopi maring bojone. Bubar
kuwe terus mangkat maring sawah. Pas adzan shubuh liyane padha shalat nang
gubug, si kaki ora. Wayah ngasar ya krungu adzan, ningen cuek baen. Semono uga
pas maghrib lan ngisya’. Pancen koh, critane sedina med kuwe setan terus
ngancani nggo memantau kahanane si kaki.
Wengi-wengi pas agi pas garep
turu, setan mikir mandheg mangu. Setane minggrang-minggring kaya garep
nyimpekaken lunga. Akhire pancen milih mlayu nggendring mlayu ninggalaken si
kaki.
“He ! Paman setan , aja mlayu, garep maring ngendi ?” kaki Mudakir
ngundang.
“Emoooh! Wedi, inyong wedi karo rika !” Omonge setan.
“Wedi dhapurmu ! Ko sing setan sing kudune medeni ! Mengeneh dhimin !” pakone kaki Mudakir karo ngrasa heran.
Wekasane setane mandheg. Njur lon-lonan medhek maning.
“Inyong mrinding githoke weruh kelakuanmu !” omonge setan blakasuta.
“Halah, setan gusut mbokan ! Kenang apa mrinding ?”
“Ko ternyata golehe melanggar prentaeh gusti Allah nglewiih inyong. Lewih
parah, inyong nganti ora kuwat ndeleng!” omonge setan. Kaki Mudakir tambah
heran.
“Lho ? Ora kuwat ndeleng ? Kepriben si ?”
“Ki , ko pancen klebu pengikute inyong sing setia. Ningen bareng tek
pikir-pikir inyong malah wedi dhewek. Jajal mageh depikir, inyong gemiyen kan taat maring gusti
Allah. Manggonku nang swarga, nalika inyong dikon sujud maring Adam inyong
wegah! Lah kuwe, gur siji pelanggaranku, mbangkah prentah Alloh kon sujud
maring adam thok. Ningen balesane apa jajal ? Inyong bakal manggon dhasare
neraka. Gur merga sebab sekali mbangkang! Emut-emut, gur sepisan thok mbangkang
prentah. Liyane ngajek mbangkang, ningen ngajeke kuwe wis deidini nang gusti Alloh.” omonge setan
sing ngaku gur mbangkang sepisan.
“Terus ? Sing maraih wedi ? “
“Inyong wedi banget, ingatase ko menungsa, tek deleng-deleng mbangkange
ping kopang-kaping. Shubuh, mbangkang, dzuhur mbangkang, ‘ashar mbangkang,
maghrib mbangkang lan ‘isya uga mbangkang. Ping lima mbangkang sholat. Kuwe sedina. Sekiye
umurmu wis
sewidak taun, dekurangi umur baligh pitulas taun, teges ko nduwe kewajiban
patang puluh telu taun wajib mengikuti prentaeh gusti Allah. Ningen mbangkang terus.
Ari sedina mbangkang ping lima ,
patang puluh telu taun berarti mbangkang ping pira jajal ? Etung dhewek ! Kuwe
gur sekang sholat, urung ko mbangkang kon aja mabok, mbangkang madon, nlembuk cokan
nyolong, senajan gur nyolong cilik-cilikan ningen jajal ari ko ana kesempatan
korupsi jutaan mesthi ya bakal melu dadi koruptor . Iya mbokan ?”
“Hah?”
“Lah iya, inyong baen sing mbangkang sepisan panggonane nang neraka,
apamaning ko sing mbangkange ora ketung . Apa enggane tegin ngarep-arep swarga
? Inyong wediiiiii………….wediiiiii…….. ngonoh dosane tanggung dhewek !” omonge
setan karo mlayu ninggalaken Kaki Mudakir dhewekan.
Lenger-lenger si kaki krungu omongane setan.
Bener omongane setan. Senajan setan baen ningen ana benere. Atine njuran
sadhar yen kelakuane sekiye jebul malah ngungkuli setan sing dadi gurune.
Dheweke sekiye njuran wedi. Umure wis
tuwa.
Mumpung tegin urip, batine si kaki sing garep molaih tobat. ***
Edisi 11 Desember 2004
Mas
Guru
Tidak ada komentar:
Posting Komentar