Minggu, 15 Januari 2023

(16) UMPETAN NANG LONGAN, SRENGENGE DEPANGAN GRAHA

 

Dina Slasa sore Kang Sakri karo Munah, bojone tilik ramane meng Mrenek. Anake lanang sing tegin cilik, Joni, seneng banget ketemu kakine. Apa baen sasat desembadani. Kepengin dolanan ciblon nang kali, deterna. Kepengin ngarah walang, dekancani malah dearahaken mbirengan. Kepengin jithungan, denggoletaken batir. Kepengin jajan, detukokaken. Ya maklum baen, putu pertama.

Mbengi kuwe kabeh kumpul. Golehe padha gendhu-gendhu rasa ngenani niyat ngesuk-esuk garep sholat gerhana.

“Ngesuk mangkat jam setengah pitu! Joni melu bapane!” omonge Kang Sakri karo nunjuk Joni. Bocah cilik kuwe ngguyu.

“Melu maring ngendi bapane?”

“Sholat gerhana meng langgare eyang Mochayat.”

“Emoh lah, bocah cilik toli ora olih sholat, mbrisiki!” omonge Joni karo lunjak-lunjak. Wong tuwane karo kakine gur teyeng gedheg-gedheg thok. Ningen uga mikir, sapa sing kira-kira cokan nyrengeni bocah kuwe koh njur omongane napel nang pikirane.

***

Esuk-esuk kabeh wis padha adus. Angkahe garep padha melu slolat kusuf nang langgar. Kang Sakri karo bojone wis siyap. Ningen bareng ngerti anake ora keton, lelorone njuran padha nggoleti. Tekan iringan ngumah, jebul si Joni agi dolanan bareng kakine.

“Lhooo…. Jon, mayuh mangkat!”

“Emoh laaah!”

“Deneng emoh? Kenang apa si?” takone bapane Joni.

“Sunah ikih!”

“Sunah? Sapa sing ngomong?”

“Kakine!”

Wong loro plenggongan bareng krungu wangsulane anake sing thok-melong ora tedheng aling-aling. Krungu kaya kuwe kakine Joni malah ngguyu nggeglek.

“Bapane mboten pangkat napa?” takone Kang Sakri maring bapane.

“Ora mangkat ora papa mbokan? Wong sunah ikih!”

“Lha pripun si? Sunah-sunaha nika nggih ngge lumangyanan ngumpulaken pahala!”

“Ya etung-etung ngancani Joni laah. Iya kan Jon?”

“Betul kek!” omonge Joni.

Weruh respone bapane kaya kuwe, Kang Sakri gur gedheg-gedheg. Dheweke nylinguk meng bojone. Sing declinguk gur menjep. Lelorone njuran mangkat meng langgar seperlu berjamaah sholat kusuf . Grundelan? Mesthi bae grundelan, kudune kakine ngajari sing bener maring putune, kiye malah maraih ora bener.

Wetara jam wolunan shalat gerhana wis bubar. Wong loro padha bali. Bareng tekan latar weruh kakine Joni agi ijen klepas-klepus rokok. Weruh wong loro teka njuran takon basa-basi.

“Wis rampung apa?”

“Empun. Lah deneng si bapake kiyambekan? Joni teng pundi?”

“Umpetan.”

“Kenging napa si?”

“Kan srengenge depangan graha!”

“Oalaaah …. Bapake, bapake! Niki empun jaman modern, empun mboten enteh graha, mboten enten raseksa.”

Seuntara kuwe biyunge Joni mlebu ngumah nggoleti anake. Karo undang-undang wong wadon kuwe milang-miling.

“Jono nang endi ko? Grahane wis lunga!”

“Inyong nang kene Yuuuung ….. “

Bereng keprungu swara sekang longan, bojone Kang Sakri gageyan mengonoh. Bocah cilik sing agi ndhekem keweden kuwe njuran ditokaken sekang longan ranjang. Mantune kakine Joni gur teyeng gedheg-gedheg. Ujare maune mertuwane kuwe gur wegah sholat sunah, ningen jebulane malah lewih parah: maraih putune ngumpet nalika ana srengenge depangan graha! ***

Diks – Blakakisut

781