Dina Slasa sore Kang Sakri karo
Munah, bojone tilik ramane meng Mrenek. Anake lanang sing tegin cilik, Joni,
seneng banget ketemu kakine. Apa baen sasat desembadani. Kepengin dolanan
ciblon nang kali, deterna. Kepengin ngarah walang, dekancani malah dearahaken
mbirengan. Kepengin jithungan, denggoletaken batir. Kepengin jajan,
detukokaken. Ya maklum baen, putu pertama.
Mbengi kuwe kabeh kumpul. Golehe
padha gendhu-gendhu rasa ngenani niyat ngesuk-esuk garep sholat gerhana.
“Ngesuk mangkat jam setengah pitu!
Joni melu bapane!” omonge Kang Sakri karo nunjuk Joni. Bocah cilik kuwe ngguyu.
“Melu maring ngendi bapane?”
“Sholat gerhana meng langgare eyang
Mochayat.”
“Emoh lah, bocah cilik toli ora olih
sholat, mbrisiki!” omonge Joni karo lunjak-lunjak. Wong tuwane karo kakine gur
teyeng gedheg-gedheg thok. Ningen uga mikir, sapa sing kira-kira cokan
nyrengeni bocah kuwe koh njur omongane napel nang pikirane.
***
Esuk-esuk kabeh wis padha adus.
Angkahe garep padha melu slolat kusuf nang langgar. Kang Sakri karo bojone wis
siyap. Ningen bareng ngerti anake ora keton, lelorone njuran padha nggoleti.
Tekan iringan ngumah, jebul si Joni agi dolanan bareng kakine.
“Lhooo…. Jon, mayuh mangkat!”
“Emoh laaah!”
“Deneng emoh? Kenang apa si?” takone bapane
Joni.
“Sunah ikih!”
“Sunah? Sapa sing ngomong?”
“Kakine!”
Wong loro plenggongan bareng krungu
wangsulane anake sing thok-melong ora tedheng aling-aling. Krungu kaya kuwe
kakine Joni malah ngguyu nggeglek.
“Bapane mboten pangkat napa?” takone
Kang Sakri maring bapane.
“Ora mangkat ora papa mbokan? Wong
sunah ikih!”
“Lha pripun si? Sunah-sunaha nika
nggih ngge lumangyanan ngumpulaken pahala!”
“Ya etung-etung ngancani Joni laah.
Iya kan Jon?”
“Betul kek!” omonge Joni.
Weruh respone bapane kaya kuwe, Kang
Sakri gur gedheg-gedheg. Dheweke nylinguk meng bojone. Sing declinguk gur
menjep. Lelorone njuran mangkat meng langgar seperlu berjamaah sholat kusuf .
Grundelan? Mesthi bae grundelan, kudune kakine ngajari sing bener maring
putune, kiye malah maraih ora bener.
Wetara jam wolunan shalat gerhana wis
bubar. Wong loro padha bali. Bareng tekan latar weruh kakine Joni agi ijen
klepas-klepus rokok. Weruh wong loro teka njuran takon basa-basi.
“Wis rampung apa?”
“Empun. Lah deneng si bapake
kiyambekan? Joni teng pundi?”
“Umpetan.”
“Kenging napa si?”
“Kan srengenge depangan graha!”
“Oalaaah …. Bapake, bapake! Niki
empun jaman modern, empun mboten enteh graha, mboten enten raseksa.”
Seuntara kuwe biyunge Joni mlebu
ngumah nggoleti anake. Karo undang-undang wong wadon kuwe milang-miling.
“Jono nang endi ko? Grahane wis
lunga!”
“Inyong nang kene Yuuuung ….. “
Bereng keprungu swara sekang longan,
bojone Kang Sakri gageyan mengonoh. Bocah cilik sing agi ndhekem keweden kuwe
njuran ditokaken sekang longan ranjang. Mantune kakine Joni gur teyeng
gedheg-gedheg. Ujare maune mertuwane kuwe gur wegah sholat sunah, ningen
jebulane malah lewih parah: maraih putune ngumpet nalika ana srengenge depangan
graha! ***
Diks – Blakakisut
781
Tidak ada komentar:
Posting Komentar