Tahun 1984 inyong nduwe kanca kuliah – sekelas - nang IKIP Semarang , jenenge Sugiyanta. Bocah asli Karawang Jawa Barat. Ora denyana-nyana taun aganu , pas 2004 ketemu pas padadene penataran nang Bandung , Jawa Barat . Hihi, padha dene nduwe gaweyan ngecebres nang ngarep kelas dadi guru. Ealah, jan pol senenge ketemu kanca lawas, sesama tilas murid nang padhepokan Bethara Guru (istilahe Mas Zain Galih)– mangsude IKIP - .
Bayangaken , rong puluh taun kepungkur.
Ndilalah ya padha-padha ora pangling. Mergane pancen raine inyong karo
Sugiyanta kuwe klebu ora kethukulan kumis utawa jenggot, dadi gambare tetep
ajeg . Ajeg ala! Haha!
“Ko mulang nang Krawang?
“Iya bali ngasal, ningen
“
“Nang Sorong! Irian !”
“Wuah! Pantesan ketularan ireng!”
“Hus! Ireng kiye
“Hahaaa….! Ningen enak ndean ya mulang nang ngkana?
Bebas ora nganggo klambi, gur nganggo koteka, slongsongan oyong garing!” omonge
inyong karo kekel.
“Gusut mbokan! Gye, seala-alane guru kaya inyong ya nganggo klambi
lah!”
“Ooooo tek arani melu-melu kaum pedalaman sing tegin nganggo
koteka….”
“Henteu daek ngiluan nu kitu uing mah! Mun teu
kapaksa-kapaksa teuing mah! Kapaksa soteh mun aya nu gareulis ! Hahaa!” omonge
Sugiyanta metu basa Sundane.
“Gye, apa bener Irian kuwe sugih mas-masan ?” takone inyong
“ Uh tek omongi ya, pancen bener ! Inyong baen pengalaman meh mben
dina mangkat mulang nang sekolahan madan pinggiran, ngibarate ora tau mulang.”
“Mangkat mulang ningen ora tau mulang?”
“Iya! Lah kepriben si golehe garep mulang wong muride padha ora
nana!”
“Ora mlebu apa minggat?”
“Ya darani mingat ya ora, ningen padha kungkum nang kali. Meh saben
dina kuwe….”
“Deneng kungkum kaya garep desunati baen! Lah kuwe kungkum padha
ngapa?”
“Padha ndhulang emas. Ngarah pasir emas. Memang sing jeneng kali
nang Irian kuwe akeh banget sing pasire ngandhung serbuk emas. Kuwe tegese bumi
irian bancen gudhange emas. Mulane wiwit jaman molai reformasi
“Oooo lha dalaahhh….. mulane wong-wong manca padha katrem ndhekem
nang Irian ya? Eh, gye ngomong-ngomong kenang apa ko bali maring Jawa?”
“Ora betah! Budayane beda banget, angel depeloni. Beda
angger budaya Jawa karo Sunda, meh padha. Sing beda gur bahasane. Liyane nang
kahanan pedinan padha baen. Nang Sunda akeh wong ndesa petan renteng-renteng,
nang Jawa ya padha baen. Nang Sunda kerep ana sing seneng rubung-rubung
ngariung, nang Jawa ya tegin ana modhel dopokan mbirengan. Iya toli?”
“Selama kuwe ko olih emas pirang kilo ?”
“Ha gusut! Inyong ora tlaten ndhulang emas kaya wong-wong pribumi
ngkana!”
“Lho
“Gaji buta! Hahaaaaa!”
Kemutan dhong inyong ketemu karo Sugiyanta crita bab
emas nang Irian, inyong sekiye gur melu gadheg-gedheg. Plekara emas sing
dikuwasani PT Freeport bali gawe geger. Seuntara kuwe, sekiye, penjenengane
bapak Amin Rais tegin tetep konsisten pandhangane tentang
1) Salam buat Kang Sugiyanta.
2) Tulisan ini pernah dimuat di Majalah Djaka Lodang Yogyakarta , Maret 2004.
26
Tidak ada komentar:
Posting Komentar