Sabtu, 13 Mei 2023

Nostalgia : KALAH KARO ANAK

 Munarti, bocah kelas V SD Karangsari 43 ndhesel-ndhesel maring biyunge. Sing dedheseli nyureng weruh polaeh anake sing nganeh-anehi.

“Mengonoh lah Nar! Ndhesel-dhesel ana apa si?”

“Biyunge agi seneng apa?”

“Iya lah, agi seneng. Ana apa si?”

“Ya gageyan mengko malem minggu inyong degawa maring ABC tuku klambi.”

“Helaaah Nar, Naar .... apa hubungane klambi karo seneng si?”

“Lhoooo... jere miki biyunge ngomong agi seneng. Kuwe kan artine dhuwite biyunge agi mrewel.”

“Ealaah...... mrewel irungmu mbokan!”

“Dhuwite akeh apa ora yung?”

“Ya ana lah.”

“Pirang atus ewu?”

“Rong atus!”

“Lah kuwe sing pitung puluh lima nggo inyong ya Yung, soale inyong kepengin banget kaos gambar Hello Kitty sing agi salto. Kae, kaya duweke si Nani.”

“Ya mengko agi badan. Wong puasane ben urung teka!”

“Hayoooooo..... biyunge kelalen ya?”

“Kelalen apa si?”

“Kan minggu wingi inyong seminggu med nyaur puasa taun wingi. Lah mbokan ari bar puasa kuwe ya kudu badan, kudu tuku klambi anyar, desembelehaken pitik, seplesiraken!”

“Hadhuuuh tobat Naaar, Naaaar! Kuwe sapa sing mulang kaya kuwe?”

“Inyong ngerti dhewek!”

“Dudu bapane ko sing mulang?”

Agi padha omong-omongan, bapane Narti teka njagang motor nang iringan umah. Sing agi padha nang mbale meneng sedhela. Bareng wong lanang kuwe wis pedhek njuran takon:

“Koh nyebut bapane bapane ana apa si? Padha nggrendhengi wong tuwa! Dosa lho!”

“Ooo kiye si Narti njaluk detukokaken klambi anyar.”

“Lho? Kan urung badan?”

“Justru kuwe bapane, ujarku mau malah rika sing mulang.”

“Mulang apa?”

“Mulang kuwe, yen bar puasa nyaur taun wingi, angger wis lunas njuran merayakan badan. Ya kudu degawekaken kupat, denggawekaken opor ayam, karo kuwe mau, klambi anyar!”

“Useeee.......  ya ora mungkin lah inyong sing maraih ora bener. Iya mbokan? Jajal, mangsa anger inying sing maraih, malah inyong sing bonjrot dhewek. Iya toli?”

“Hahaaa! Iya kuwe ... bener... bener ... rika bakal bonjrot dhewek!”

Tapi akhire bapane Narti setuju nukokaken klambi anyar maring anake sing wis nutugaken puasa taun wingi. Sing desemayani jingkalk-jingklak ora karuhan senenge. Wong tuwane padha seneng weruh anake seneng. Bubar kuwe bocaeh junun dolan.

Weruh anake wis lunga, sing lanang medheki bojone.

“Mih, jan-jane inyong isin maring Narti lhooo.....”

“Isin nangapa si?”

“Narti.... puasane wis lunas, lah inyong?????”

“Rika urung lunas?”

“Lha kuweeeee..................”

Bojone gur teyeng plenggongan ora ngira jebul sing lanang conggresan pisan. ***

Diks – Blakakisut

Tidak ada komentar:

Posting Komentar