Minggu, 17 Oktober 2021

(15) PAMAN DURYAT GIGAL

 


Paman Duryat wis diabani bojone, Bibi Tami, yen ngarepaken mangsan udan kudu mbeberes gendheng. Ningen si paman leha-leha baen. Sing kaya kuwe njalari si bibi madan sebel.

“Inyong garep menggone Kaki Santarip!” omonge si bibi.

“Weleh! Garep ngapa?” takone si paman karo njenggirat.

“Garep ngapa? Genahan gendheng pawon kae mlompong koh!”

“Mendi ana mlompong! Wong tegin mlimping koh!”

“Ora urus! Arep mlompong, arep mlimping sing penting gendheng kudu dedandani.”

“Ongkose pira maring si kaki kuwe?”

“Seket ewu laaah!”

“Wualah! Larang temen si! Gur mbeneraken gendheng bocor baen kenang ora detandangi dhewek! Ngeneh dhuwit sing seket nggo inyong baen! Nggo tuku rokok!”

“Oalah…. Oalaaaah…… ora petha temen si? Wong ndandani umaeh dhewek koh njaluk debayar maring bojone!”

Sidane karo madan bada-budi si bibi ngulungaken dhuwit sepuluh ewu. Si paman ngowoh weruh dhuwit sepuluh ewu.

“Deneng gur sepuluh ewu?”

“Jere nggo tuku rokok!”

“Seket ewu!”

“Temenan kuwe?” omonge si bibi nantang.

“Temenan laaah!”

“Tapi awas ya….. mengko mbengi angger rika ngejek kekepan karo inyong, kudu mbayar rong atus ewu ….. saben ngekep! Murah koh!”

“Busyeeeeeettttttt!!!!!”

Sidane si paman ora njaluk bayaran. Kluntrung-kluntrung wong lanang kuwe maring nggone Pak Mandor, tanggane, seperlu nyilih andha. Bubar kuwe nggoleti gendheng sing madan bener nggo nyulihi sing mlorod utawa malah mbokan ana sing pecah.

Klethak-klethek ngrungokaken sing munggah payon. Kresek-kresek, brak-brak-bruk, gedubrag! Klonthang.

“Aja debalang-balangaken Kaaang! Eman-eman!” si bibi sekang njero.

“Ora ana sing debalangaken!”

“Lhooooo………….???? Rika wis medhun Kang?” omonge si bibi karo mlaku metu sekang pawon maring panggonane si paman nyawara.

Bareng tekan njaba, si bibi kaget banget senajan ora ngosi kejengkang ngathang-athang. Matane mlolo weruh sing lanang agi turonan nang lemah.

“Lah agi ngapa rika si?”

“Hadhuuuhhh …… inyong tiba Mi!”

“Tiba??? Dadi kae mau sing kemlonthang gedubrag-gedhubrug kuwe rika sing gigal?”

“Hadhuuuh …. iyaaa…. mageh inyong tulungi …. Lengenku kesleo… dhengkule dhadhas!”

Sidane sore kuwe si paman degawa maring dokter. Saran dokter malah kudu meng klinik rontgen (ronsen) mbok ana sing apa-apa. Wekasane ya deturuti bae sarane dokter.

Maring dokter entong pitung puluh ewu, maring klinik rontgen satus ewu. Senajan madan nyalahaken, ningen bibi Tami ora tega nyalahaken sing lanang, senajan critane sing lanang garep ngirit dhuwit seket ewu, nandangi ndhewek munggah gendheng malah gigal. ***

Diks - Blakakisut

Tidak ada komentar:

Posting Komentar