Jam sepuluh mbengi.
Lincak ngarep omah ora nywara. Tegese
sing lungguh ora mobah mosik. Martini, prawan umur 32 taun, mripate nyawang
prenahe rembulan kang remu-remu katutupan mega. Let pirang sekon mega mlaku,
mbaka sethithik padhange teka maneh. Prawan mau nggresah. Pikirane njupuk
bebasan kang padha karo rembulan kang kala-kala sunare katutup mega, nanging
ing wayah kang wis tinamtu, bakal teka sunare maneh.
Lagi mau sore Martini mulih menyang
Tutur, desane. Jarene kepengin ngegar-egar ati. Mbirat rasa senep lan buneg
neng kutha. Paling ora kaya ngono kang dikandhakake marang biyunge.
“Hawane adhem, mlebua Tin ….. “ saja
njero biyunge ngemutake.
“Sedhela engkas Yung.” wangsulane
Martini karo noleh marahi lincak gemriyet marga awake obah.
“Wis telung jam awakmu ngalamun neng
kono……”
“Mbulane apik.”
“Durung tanggal limalas. Rong dina
maneh. Kahanan bakal semanger.”
“Lha gajege iki ya sing marahi awakmu
katrem neng kutha? Arang mulih.”
“Katrem apa Yung, neng kutha pancen
rame, nanging kok kaya ora jenak. Urip kaya ora ana tegese. Eh, mulih mrene,
desa Tutur kaya ora maju-maju …..”
“Istighfar Tiiin ….. mlebu yo ….”
Wekasane Martini menyat. Njero omah
ora adoh beda karo njaba. Surem. Neng perangan ngarep senthong mung ana lampu
sepuluh watt. Tekan njero Martini lungguh neng kursi. Sikile loro diakep
nganggo tangane.
“Wati ora mulih Yung?”
“Batam adoh Tin, gajege padha durung
duwe sangu. Bojone uga isih cumpem. Dhuwit gajege ming entek kanggo pedinan lan
kontrakan. Ya rong taun iki, ya ming pas badan wingi bae nitip amplop kanggo
biyung liwat Mamak Tarini sing bisa mulih saka penggaweyan saka Batam.”
“Anake isih panggah siji?”
“Isih.”
“Hmh….”
“Tiiinn ….”
“Ngapa Yung?”
“Kapan awakmu nduwe laki?”
“Ora ana wong sing gelem karo aku.
Mulakna aku iki rak dadi prawan tuwa.”
“Lhooo ….. jarene awakmu, kowe wis
suwe pacaran karo …. karooo …. halah lali, kae lho dhek taun wingi awakmu
kandha.”
“Jack Daniels.”
“Lha iya kuwi, Jek Denil, mbok ya
dijak rabi bae rak uwis, ketimbang awakmu kuwi ra karuhan. Lah awakmu kuwi
pacaran karo dheweke pirang taun?”
“Embuh kuwi, patang taun ayake!”
“Biyuuuuhhh…. patang taun? Lah ngapa
bae penggaweyane?”
“Halah Yuung, Yung …. ra sah dipikir,
ra sah kuwatir. Sakmbahol-mbrahole awakku, aku isih eling pura duksina Yung …
kaya ajarane biyung dhek emben kae.”
“Dadi? Dadi awakmu isih prawan?”
“Heheee….. oh iya Yung, sesuk esuk
aku ana perlu menyang Pundhen Klawing.” Kandhane Martini ngenggokake pitakonane
biyunge.
“Pundhen Klawing?”
“Hiya, Pundhen Klawing, kenang apa?”
“Awakmu arep ngramal jodho?”
“Harak pancen Pundhen Klawing kuwi
papane wong ngramal ? Aku gregeten, nganti umur sakmene durung ana
tandha-tandha bakal oleh calon laki.”
“Aku ora sarujuk! Samlarat-mlarate
aku Tin, sakbodho-bodhone uwong kaya biyungmu iki, aja nganti mercayakake nasib
menyang dhukun, kaya Mbah Jiworetu neng Klawing.”
“Iku rak biyung.”
“Kowe anakku Tin, biyung ora
sarujuk.”
“Aku sesuk bakal tetep menyang
Pundhen Klawing.” kandhane Martini karo ngadeg, nuli jumangkah menyang senthong
saperlu mapan turu.
“Tini! Rungokna …..”
“Apa maneh Yung?” takone Martini karo
ngendhegake jangkahe.
“Jodhomu uwis cedhak….”
“Hmh….. “ Martini mung ngguyu irung.
Prawan tuwa mau jumangkah mlebu tanpa
maelu kandhane biyunge. Biyunge Martini mung bisa ngunjal ambegan landhung ,
banjur gedheg-gedheg karo nyebut istighfar.
***
Esuk kuwi Martini bener-bener njujug
menyang Pundhen Klawing.
Lakune numpak angkutan pedesaan.
Sakiwa tengene dalan sawah bawera, kadhang kala liwayt gegrumbulan lan alas
cilik. Martini mung bisa nggresah. Kahanan kang kaya ngono ora adoh karo desa
Tutur, desane.
Yen saiki Martini luwih akeh urip neng
kutha, ana gandheng cenenge karo kahanan mbiyen nalika bisa sekolah neng SMA
kecamatan. Kadidene anake wong kang kacingkrangan, bapakne nyambut gawe neng
daleme Pak Raharto, dheweke ora bisa nulak nalika kulawargane Pak Raharto siyap
ngragadi sekolahe. Nanging nalika lulus dheweke kaget bareng Pak Raharto kandha
yen dheweke dikarepake Ranu, anake mbarep Pak Raharto.
“Aku wegah Pak! Aku ora tresna karo
Mas Ranu.”
“Dheweke anake Pak Raharto, sugih,
uripmu bakal temata.”
“Wegah …… wegaaah …..”
“Pak Raharto bakal nesu yen awakmu
nulak dadi mantune.”
“Aneh …. mangsa ana putrane wong
sugih kok gelem-geleme ngejak aku sesomahan.”
“Hla mulakna iki jenenge ketiban
pulung!”
“Wegah Pak …… “
Saploke kuwe Martini ngumbara menyang
kutha. Ing angkah mung kepengin nginggati Ranu, sing tetep ngoyak-oyak dheweke.
Senajan urip neng kutha wekasane ya ora genah juntrunge, nanging prawan mau
krasa yen ora ana sing ngungkung. Nanging ing ati cilice, dheweke ora bisa
ngilangake kebecikane kulawargane Pak Raharto sing wis ngragadi sekolahe.
Jam 10-an Martini wis mlaku neng
tlatah Pundhen Klawing.
Papan kang dumunung ing ereng-erenge igir Plana kuwi katon
bersih. Akeh gubug-gubug tiban kang sumadya, lan pancen disedhiyani dening sing
nduwe tlatah. Rada ngisor ora adoh saka tlatah Pundhen Klawing akeh kang padha
mbukak warung. Ing dina-dina tertamtu, Pundhen Klawing pancen akeh ditekani
wong-wong kang padha kepengin ngramal nasibe. Ning akeh-akehe pancen sing padha
ngramal bab jodho.
Martini pesen es degan neng gubug
kang misah karo liyane. Mripate mider. Papan punjer Pundhen Klawing katon isih
ana sawetara sing padha mbelu metu. Dheweke durung niyat mlebu.
“Martini …..
“ ana swara alon neng sandhinge. Martini noleh. Prawan mau ndredheg lambene.
“Pppp…..pak … pak ….
Rahar…Raharto?”
“Iya aku Pak Raharto. Kowe
Martini ta?”
“Inggih leres Pak, kula
Martini…. sugeng Pak?” takone Martini karo nyalami tangane Pak
Raharto, wong lanang umur seketan tahun.
Martini meneng. Dheweke ndhingkluk.
Tangane digathukake, drijiene dianggo dolanan. Prawan mau kemutug dhadhane.
Dheweke babar pisan ora ngira yen ing Pundhen Klawing kepethuk karo wong wis
ngragadi sekolahe neng SMA. Nganti sauntara wong loro malah ora omong-omongan.
Sauntara kuwi Pak Raharto uga isih meneng mung ngulati Martini kang lungguh neng
ngarepe.
Martini nata ambegan. Dheweke alon
mbalang liring marang Pak Raharto. Ora dikira, pancen kawit mau wong lanang mau
uga lagi ngulati dheweke. Panyawange wong loro tempuk. Wulu kalonge Martini
krasa ngadeg kabeh, dheweke mrinding. Ana rasa kang marahi prawan mau ora
jenjem.
“Iya … becik kabeh.”
“Mmmhh…..”
“Awakmu kok neng kene ta?”
takone Pak Raharto karo nyureng. Martini mbrabak praupane. Prawan mau isin.
“Eeeem…. nganu Pak, nuju
mados bahan kangge laporan perjalanan, feature.”
“Oooo ….. laporan neng
ngendi?”
“Tabloid Pak , wonten
kitha.”
“Oooo….”
“Nggiiih, sareng-sareng
kaliyan kanca-kanca.”
Wekasane Martini ngapusi kahanan kang
sabenere. Dheweke mesthi isin yen terus terang perkara kenang apa dheweke saiki
ana ing Pundhen Klawing. Tujune bae Pak Raharto percaya marang apa kang
diomongake.
“Bapak piyambak?”
“Arep mertamba.”
“Gerah?”
“Tanganku sing kiwa lara
banget, ketambahan kaya ore nduwe tenaga. Iki mau bae nyetir tak peksa…. tujune
tekan kene.”
“Kok mboten sareng ibu?”
“Ibu? Ibu sapa? Bu Raharto
karepmu?”
“Lah inggih to.”
“Biyungmu ora crita?”
“Bab menapa?”
“Bu Raharto, ya sisihanku
kuwi wis rong taun kepungkur wis dipundhut…….”
“Innalillahi wa inna ilaihi
roojiuun ……. Dherek belasungkawa Pak. Estu, biyung mboten crita menapa-menapa
….”
“Ora apa-apa. Pancen wis
tekdir. Kewajiban lan tugase si ibu pancen wis ginaris kaya ngene. Kabeh ya wis
ikhlas, rila, aku, anak-anakku. “
“Inggih Pak.”
“Mulih kapan Tin?”
“Kala wingi sonten.”
“Ooo…. yen rada sela
wektune, mbok sing rada suwe neng Tutur. Bangsa rong mingguan engkas. Eh,
ngiras melu ngarak temanten menyang nggone manten wedok.” kandhane
Pak Raharto alon, nanging cetha banget neng kupinge Martini. Prawan mau
mentheleng.
“Bapak krama malih?”
takone Martini ora dirasa.
“Isih pantes ta Tin?”
“Eh.. ahh … inggih,
inggih…. Teksih. Bapak teksih timur kok!”
“Timur apane? Ngawur bae.
Umurku saiki seket taun lho Tin.”
“Oooo …. Nng ketingalipun
kok teksih yuswa kawan dasanan! Teksih bregas!”
“Woalaaaah …. Bisa bae
awakmu ngalem Tin. Ya matur nuwun awakmu wis ngalem aku. Ih, dadi seneng dialem
bocah ayu kaya kowe Tin ….”
“Ih bapak nggih ngawur.”
“Ngawure?”
“Ayu napa ta Pak? Nek ayu
rak sampun pajeng.”
“Weeeh …. Karepmu priye?”
“Dereng wonten sing
ngersakaken Pak…”
“His! Kandhamu kuwi lho!
Ora ilok, dereng wonten sing ngersakaken, kaya barang bae. Tak kira awakmu wis
somahan, ming ora kabar-kabar.”
“Dereng Pak.”
“O lha yen ngono ya malah
tiba kebeneran, tegese awakmu neng kutha ora ana sing ngenteni. Gelem ya, rong
minggu engkas melu rombongan kulawarga?”
“Eng ….. pripun nggih Pak….
“ sakjane Martini ngendhelong atine.
“Gelem taaa…… ya Tin ya ….
“
“Njujug wonten pundi ta
Pak?”
“Mengko nyang Sokaraja.”
“Ooooo dados Bapak pikantuk
piyayi Sokaraja? Syukur Pak …. Caket.”
“Karepe apa? Aku entuk wong
Sokaraja?”
“Lha nembe Bapak ngendika?”
“Dudu aku Tiiiin …. aku iki
sing arep mantu, sing arep kawinan kuwi Si Ranu. Kelingan Ranu apa ora?”
Martini kaget. Jebul sing bakal dadi
manten dudu Pak Raharto, nanging Ranu, anake lanang sing mbiyen ngarepake
dheweke. Ing pojok atine prawan ana rasa bungah. Dheweke mesem ora kejarag.
“Kok mesam-mesem ta Tin?”
“Aaah …. nganu …. Mas Ranu,
syukur Mas Ranu badhe krama. Bapak, Tini nyuwun pangapunten nggih Pak, kala
rumiyin kula sampun mopo, mboten purun nglanggati pepenginanipun Mas Ranu ….”
Kandhane Martini kelingan jaman mbiyen. Pak Raharto mesem.
“Ora apa-apa Tin. Ranu ya
wis paham kawit mbiyen. Ranu ya ora nesu kok, aku ya ora nesu, ibune Ranu ya
ora nesu. Jodho kuwi pancen ora kena dipeksa yen pancen durung wektune ….”
Awan kuwi tlatah Pundhen Klawing
tansaya rame. Akeh para kang padha mrono nggawa kulawarga, uga bocah-bocah
cilik. Pak Raharto lan Martini wekasane uga katrem anggone padha cecritan.
Kala-kala ing sasekon kalodangan, Martini nyawang satleraman praupane Pak
Raharto. Bener-bener prawan kuwi saiki lagi nata maneh pangrasa jero ing
dhasare ati kang wis suwe kapendhem.
Kadidene wanita, saktemene nalika SMA
mbiyen dheweke nyimpen kawigaten kang mirunggan marang wong lanang kuwi. Amung
merga kahahanan kang banget ora ngidini. Pak Raharto minangka wong kang wis
menehi dalan kanggo ngembangake ngelmune ing bangku sekolah. Wong atuwane uga
ora sethithik binantu dening kulawargane Pak Raharto. Saktemene rasa kapotangan
budi ing atine prawan cilik Martini, sing mbiyen nuwuhake bibit tresna marang
Pak Raharto.
Gubrak! Brug! Aaaa….. aaa……..!
Dumadakan ing sacedhake ana bocah
cilik sing lagi playon kesandung oyod, tiba gumebrug ing sacedhake Pak Raharto.
Bocah umur telung taunan kuwi nangis kejer kelaran. Saekal Pak Raharto mlumpat
banjur ngenyatakae bocah mau, dipondhong nganggo tangan kiwane. Sauntara tangan
tengene lendheyan meja. Pak Raharto banjur clilang-cliling nggoleki wong tuwane
bocah mau. Ora gantalan suwe ana ibu-ibu sing teka marani bocah mau, nampani
lan ngaturake panuwun. Wong lanang mau manggut-manggut kalegan sakwise nulungi
bocah cilik. Pak Raharto ngulati sing lunga. Dheweke ora ngerti yen kawit mau
Martini ngulati dheweke.
“Bapaaak ….. nuwun sewu
…..” Martini undang-undang.
“Apa? Ana apa Tin?”
“Nuwun sewu, kalawau Bapak
kok mondhong lare alit wau ngangge asta kiwa.”
“Maksude?”
“Ngendikanipun astanipun
sakit?”
“Weeeeh …. iya ki….. lho
….. lhoooo …. “ kandhane Pak Raharto karo ngubeng-ubengake tangane. Wong lanang
mau sumringah praupane.
“Kenging menapa Pak?”
“Ora lara Tin. Tanganku ora
lara blas ….”
“Cobi meja menika dipun
angkat pinggiripun ngangge asta kiwa….”
“Wah … iya, cobaa …..
Tiiiiin ….. kuwat Tin ….. tanganku mari …..”
“Och! Alhamdulillaaah …..”
“Tiniiiiiii …… tangaku mari
……. Alhamdulillaaah……” kandhane Pak Raharto karo ngekep Martini
kenceng. Martini kaget. Nanging ora nulung. Tangan tengene Pak Raharto
ndlesepake sirahe Martini ing dhadhane, sauntara tangan kiwane ngekep
bangkekan. Dhadhene prawan mau kemutug. Praupane mbrabak, ambegane
menggeh-menggeh. Dheweke krasa kaya ngimpi ujug-ujug Pak Raharto ngucap syukur
karo ngekep dheweke.
“Aaah…. aaa… Tin, mmff…
apuranen aku ora sengaja …..” kandhane Pak Raharto karo nguwali kekepane.
Martini ndhingkluk isin. Kedadeyan mau kaya ngimpi. Dheweke babar pisan ora
ngira yen Pundhen Klawing bakal dadi seksi tumrap kedadeyan sing cepet banget
kuwi.
Nalika lelorone isih meneng-menengan,
ana cantrik Pundhen Klawing sing nyedhaki karo dhehem-dhehem.
“Ehem… ehem, nuwun sewu
Pak, sampun radi sela, manga dipun aturi ndaftar rumiyin.”
“Ndhaftar apa?”
“Panjenengan rak badhe
sowan Mbah Jiworetu to?”
“Oh mboten … mboten mung
dolan mawon.”
“Garwanipun bilih ingkang
badhe sowan Mbah Jiwo?”
“Mboten….”
Wekasane cantrik mau lunga. Pak
Raharto nyawangi cantrik sing lunga karo gedheg-gedheg. Martini uga nyawangi
cantrik sing lunga.
Dina kuwi merga dipeksa bareng,
Martini melu numpak mobile Pak Rajarto, bali menyang desane. Dalan kang
diliwati klebu aspalan apik kang pancen dibangun dening Mbah Jiworetu dhewe.
Martini sendhen jok, meneng.
“Tin, kandhane cantrik mau
enak keprungune ya?” kandhane Pak Raharto karo mesem nanging
tetep nyawang mengarep.
“Ingkang pundi ta Pak?”
“Ealah Tin, cantrike lehe
guneman mung sethithik kok. Garwanipun bilih ingkang …. Heheeee…..”
“Ih Bapaaak …. isin …”
“Muga-muga diamini malaikat
…. “ kandhane Pak Raharto alon meh ora keprungu, nanging kupinge
Martini krungu cetha wela-wela.
“Ah Bapaaak ….”
Let setengah jam, lakune mobil tekan
plawangan desa Tutur. Martini pamit mudhun dhisiki. Dheweke ngulungake tangane
ngejak salaman. Pak Raharto nampani drijine Martini. Prawan mau ngambung
tangane Pak Raharto. Martini dheg-dhegan nalika krasa lon-lonan gegemane Pak
Raharto dikencengi lan ora enggal diculake.
“Tin …. mengko pas jujug
Ranu, aku kepengin dikancani ya ?”
“Inggih.”
“Karepku dikancani,
panganggone awake dhewe sarimbit ….. minangka bapak lan ibune Ranu.”
“Emmh…. anu ….. anu ….”
“Tak rewangi wangsulan ya?
Inggih Pak, sendika…. Ngonooo…”
“Ah bapaaak …..”
Martini medhun saka mobile Pak
Raharto kanthi nggawa ati gumbira. Dheweke nilingake gerunge mobil ninggalalake
plawangan desa Tutur. Bareng wis rada adoh, dheweke malik, ngulati mobil sing
sangsaya adoh.
Awan ngarepake sore kuwi, Martini
ketebang-ketebang mlebu pekarangan. Biyunge sing lagi ngentasi memean noleh.
“Ooooo …. laaah iki! Suwe men ta
Tin?”
“Halah, ming sedhela kok!”
“Sida neng Pundhen Klawing apa ora?”
“Ora Yung, aku ora percaya ramalane
dhukun, si Mbah sapa kae? Jiwo?”
“Terus menyang endi bae awakmu?”
“Kepethuk Pak Raharto …..”
“Pak Raharto? Ooooo…. iya Tin, aku
durung ngabari yen bu Raharto wis suwe seda.”
“He-eh wis ngerti.”
“Ranu ya arep dadi manten lho…”
“He-eh wis ngerti … wis ya Yung, aku
arep adus dhisik. Matur nuwun pituture Biyung …..”
Biyunge Martini ngowoh weruh anake
wedok kaya gumbira banget. Wong tuwa mau uga nyureng alise, durung mudheng
kandhane anake wedok.
Sauntara kuwi, Martini, si Prawan
Tuwa kuwi kelingan kandhane wong atuwane : “Tin, jodhomu uwis cedhak….” ***
Tidak ada komentar:
Posting Komentar