Senin, 18 Mei 2020

(13) DABLONGAN TULEN



Wahono aseng Si Sri, anake wadon,  lunga meng bank. Anake dhewek ya wis maklum merga biyasane telung wulan sepisan olih kiriman sekang Arab. Kiriman sekang sapa maning ari ora sekang bojone, si Surti. Bojone kuwe kayane wis wetara patang taun lunga maring Abu Dhabi (ari gampange tah Arab, senajan udu Saudi Arabia) seperlu njaga jejege kendhil pawon.  Senajan kakapengan ora ketang setaun sepisan bali tilik ngumah, ningen ya mesthi tilike.
“Dolar agi naik Sri!” omonge Wahono maring anake. Bocah kelas papat SD kuwe ora nggubris.
“Embuh.”
“Yeeh…. Domongi dolar agi naik koh!”
“Ora ngerti mangsude!”
“Rupiah medhun!”
“Embuh!”
“Oalaaahhhh! Kepriben si?”
“Bapane ngomong apa inyong ora mudheng!”
“Dolar agi naik, mulane kirimane biyungmu kuwe senajan ngirim kaya biyasane, ningen bareng deijolaken nganggo rupiah, dhuwite olih lewih akeh!”
“Biyunge hebat ya Pa!”
“Iya laaah …. Biyungmu!”
“Bapane tah dablongan!”
“Hah??? Apa??? Ngarani inyong dablongan? Dablongan apa mangsude?”
“Yakuwe, biyunge tah sregep nyambut gawe ningen rika nganggur malah moroti dhuwite biyung. Kuwe sing jenenge dablongan!”
“Lah, laaah …. Sing maraih ko ngomong kaya kuwe sapa jajal?”
“Pak Kemi!”
“Terus sapa maning?”
“Mbah Turah!”
“Terus ana maning apa ora?”
“Ninine inyong!”
“Nini sing mendi jajal? Nini Karangpoh apa nini Kedungbenda?”
“Nini Kedungbenda!”
Domongi kaya kuwe Wahono klamet-klamet cangkeme. Drijine garuk-raguk endhas sing ora gatel. Nini Karangpoh kuwe tah biyunge Wahono, ningen ari Nini Kedungbenda tah biyunge Surti, tegese mertuwane Wahono. Domongi kaya kuwe liwat anake, kadidene mantu ya isin. Mendhing tegin ana isine. Apamaning ukara kuwe detekakaken liwat anake wadon, dheweke darani bapa sing dablongan.
“Dablongan artine apa si pa?” takone Si Sri. Wahono klecam-klecem.
“Enng…ngggg….. dablongan kuwe apa si ya? Ganteng Sri, dablongan kuwe ganteng!”
“Halah! Wis dablongan, ngapusi anake maning! Inyong mau gur ngetes bapane! Hahaaaa!”
“Hah? Mangsude?”
“Dablongan kuwe padha baen karo conggresan! Jerene si nini, dablongan kuwe ora kena nggo agul-agul …… embuh lah pokoke akeh banget ninine ngomong!”
“Terus ngomong apa maning ninine kuwe?”
“Rika kon kerja! Aja gur biyunge thok! Melasi toli  biyunge, nyambut gawe adoh-adoh malah bapane gur ongkang-ongkang!”
Ari plekara omongane mertuwane, Wahono pancen ora wani jawal. Merga kabeh kuwe bener. Nganti seprene watek kesed gawan cilik kayane tegin deingu nganti kalpak kaya sekiye wis anak-anak. Wis ping pira mertuwane nyemes, kayane ora tedhas. Lah sekiye golehe nyemes liwat anake. Ari Wahono urung owah, pancen wis ndableg temenan. Dablongan tulen. ***
Oktober 2015 - 449
Diks - Blakakisut


Tidak ada komentar:

Posting Komentar