Jumat, 01 Mei 2020

(8) ORA SOPAN MARING PEJABAT


Jaman cilikane inyong, tek sawang-sawang, tek bandhinganaken karo jaman sekiye adoh banget sungsate. Sasat ora bisa dibandhingaken. Misale baen, ari jaman sekiye bocah-bocah angger preian dawa, sing umaeh adoh-adohan padha kirim-kiriman layang, sekiye langsung baen SMS utawa WA-an. 
Nang babagan liya, angger mlaku nang ngarepe wong tuwa kudu mbungkuk, karo ngendhepaken sebelah tangan. Jaman sekiye bocah-bocah angger mlaku nang ngarepe wong tuwa keton dlajigan  banget (kaya ora tau dewaraih unggah-ungguh). Mlaku ya nguthu, ngejleng baen sekepenake, pirangbara mbungkuk, manthuk baen ora.
Nang babagan nyebut jeneng wong tuwa, jaman gemiyen ngangeni banget koh. Ari nyebut sing deurmati mesthi nganggo “Pak” utawa “Bu”. Deleng baen   angger nang kantor ana sing padha omong-omongan . 
Umpamane baen nang salah sjine sekolahan :
“Pak Darmo, terose si Ibu Yanti niku tilas muride bapake nggih?” takone Pak Jamil dhong agi padha ngaso nang ruang guru.
“O iya, Bu Yanti gemiyen muridku, dhong sekolah nang ngkene taun 1997.”
“Koh ngundange ora Yanti baen si?”
“Heheee… ya ora laah, Yanti kan ari tegin dadi murid. Ari sekiye wis padhadene dadi guru ya ngundange kudu beda.”
“Wah njenengan hebat banget lho ….. “
“Ya ora hebat laaah …. wong memang kudune kaya kuwe koh, kudu teyeng mbedakaken  nang endi kudu ngundang jenenge
asli, nang endi kudu nganggo pangurmatan pak utawa bu.”
“Oh bener kuwe, maring bojone dhewek ben kayane ora wani ngundang jeneng koh. Biyasane Pak, Bu, Mah, Yung, Pa, Jeng, Yayi ….”
“Hehee….. ningen ari Yayi tah kaya nang kethoprak.”
Ngundang wong liya tanpa penghormatan sebenere wis  dadi ciri khas nang media cetak (Koran, majalah lsp). Nulis jeneng pancen ya gur jeneng asli thok, misale baen gubernur DKI Pak Anies Baswedan, nang Koran ya gur detulis Anies Baswedan
Lah sing dadi masalah, sebenere ari media audio visual cokan melu-melu ngomong tanpa penghormatan, terutama angger nyebut jeneng pejabat utawa tokoh. Contone : Soekarno, Soeharto, Habibie, Megawati, Amin Rais, Risma, Quraisy Shihab lan sepenunggalane.
Lah jajal , apa maraih bocah melu-melu ora bener? Semak baen pas ana dialog nang SD Kenduruan 21 kiye :
“Bocah-bocah, sapa jenenge presiden jaman Orde Baru?” takone gurune.
Soehartooooooooooooooo……..!” wangsulane bocah-bocah kaya koor.
“Terus ari jenenge presiden terpilih wingenane?”
Jokowiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiii………..!”
“Ari kepala sekolah SD Kenduruan kiye? Sapa jenenge?”
Pak Samsidiiiiiiiiiiiii……………….!”
“Guru agama kelas VI?”
Pak Nasrulloooooooooooooooohhhhh……..! “
“Mentri Pendididikan?”
Nadim Makariiiiiiiiiiim.”
“Gubernur Jawa Tengah?”
Ganjar Pranowoooooooooooooooo…….!”
“Lurah desa Kenduruan?”
Pak Amat Satariiiiiiiiiiiiiiiiiiii……!”
Ari depikir-pikir, kenyataan pancen mengkonon. Bocah-bocah utawa inyong padha, lewih menghormati kanca pedhek ketandhing maring para pejabat. Iya mbokan? Sing pedhek nganggo “Pak”, sing para pejabat malah ora nganggo. Jajal si ngonoh derenungi.***

Diks Blakasuta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar