Sabtu, 09 Mei 2020

(11) TURUNAN NABI KLIKIKAN WETENGE



 Paman Karyamenawi nglegoso nang risban. Wetenge dicekeli. Sedhela-sedhela mringis. Kebeneran wektu semono anake lanang, Jayus bali. Weruh bapane pringisan, si Jayus nggodhani.
“Medhot baen Pa!”
“Medhot apane?” takone si paman karo njenggirat njagong.
“Golehe puasa! Ari imane urung kuat, olih medhot koh!”
“Woooo tek brengkolang sandhal temenan. Ngenyek maring wong tuwa ya. Bapane kuwe imane kuwat. Wis nganah aja pengglothakan karo wong tuwa.”
“Bener bapane kuwat?”
“Seh! Memange aku kiye sapa si? Turunane Kanjeng Sunan Kalijaga! Isin ari inyong ora puasa!” omonge bapane karo jegang.
“Inyong malah turunan Nabi!”
“Huuu nabi sapa! Bocah kaya ko ora pantes dadi turunan Nabi!”
“Bapane ora percaya?”
“Ya ora! Ko terlalu muluk-muluk si!”
“Inyong kuwe turunane nabi Adam! Rika ora percaya?”
“Oooo nabi Adam … tek kira nabi sapa mau  …. “
Orang gantalan suwe si Jayus lunga. 
Si paman bali klesedan maning. Wetenge pating klikik. Cengar-cengir. Pikirane madan nakal semendhing, mau mbengi bar saur weruh tegin ana tahu telung iris. Angkane garep deakali, lawang lemari debukak, piring jejungkelaken. Iisine garep deentongaken, ningen ben dekira depangan kucing. Tahune depangan nggo ngganjel weteng. Niyate garep mitnah kucing.
“Heee… Kang! Ngisin-isinaken temen wong tuwa puasa tembe pirang dina tegin cengar-cengir kencoten kaya kuwe!” ijig-ijig sing wadon mencungul.
“Heeee sapa sing kencoten si? Inyong kiye lagi … nggg ….”
“Rika kencoten toli? Medhot baen!”
“Medhot? Hahaaa! Isin Mi, masa turunan nabi pedhot puasane!”
“Sapa sing turunan nabi? Rika ? Hahaaahaha…… “
“Lha iya si! Inyong kuwe turunane nabi Adam!”
“Hah … oiya ya …..  dadi inyong kiye bojone turunan nabi ya ….. bagus! Dadi awas ya aja nggawa-nggawa asmane nabi angger rika puasane ora sewulan med! Sida-sida tek brengkolang blukang temenan!”
Paman Karya cengar-cengir. Bojone mlebu. Bareng tekan njero weruh lawang lemari mbukak. Wong wadon kuwe ilang-ileng tahu sing mau tegin ana telung iris. Jebul tahune wis ilang.
“Kang, rika sing njikot tahu ya?” takone sing wadon. Si paman montong-montong.
“Ualah! Ngawur baen ko! Sapa sing mangan tahu? Masa turunan abi mangan tahu agi puasa.”
“Lha kiye, tahune nang endi jajal?”
“Maune tah pancen ana niyat, inyong garep medhot, tur ya gur ana tahu thok. Ningen sebelum kadadeyan ko wis ngecosi inyong. Inyong ora ngrasa! Mesthi kucing!”
“Kucing apa sing nduwe kucing?”
“Kucing!”
“Hahaaaa!”
“Ko malah ngguyu! Domongi inyong ora mangan tahu koh …… “
Paman Karya kesuh ngrasa depitnah.
“Tahune tek pangan inyong Yung! Inyong agi alangan, ora puasa!” omonge Darini , anake wadon, sing tembe njedhul. 
Si paman gedheg-gedheg.
“Ko kudu njaluk ngapura wis mitnah inyong Mi!” omonge si paman maring bojone.
“Bapane ya kudu njaluk ngapura maring kucing! Bapane mitnah kucing!”
Si paman lunga karo bada-budu. Plekara tahu telung iris baen malah dadi dawa, ana pitnah nganah-ngeneh. ***

            Majalengka, Ramadhan 2006




Tidak ada komentar:

Posting Komentar