Tolib gedheg-gedheg nang ngarep kaca.
Perjaka umur 35 taunan kuwe gur teyeng ngresula, sebab nganti umur
semono urung ana bocah wadon sing gelem dejeki rabi. Ajaha rabi, dejeki pacaran
ben emoh koh. Apa inyong kuwe kurang nggantheng apa ya? Batine.
Bar curhat maring Darno, kancane, Tolib detuduhaken umaeh Joni,
maklar barang-barang kuno. Tekan njero ngumaeh Joni, Tolib bingung bareng
dejongoki ali-ali akik.
“Mangsude?” takone Tolib karo nyekel ali-ali akik combong,
pancawarna klawing sing ana bolongane nang tengah akik. Kuwe sing darani watu
akik combong.
“Enggonen. Mesthi bakal ana bocah wadon sing seneng karo awakmu!”
“Kiye pelet mangsude?”
“Udu! Kiye udu pelet, ningen srana!”
“Kiye dedol?”
“Hiya laah … murah koh! Gur telung atus.”
“Telung atus perak?”
“Telung atus ewu!”
“Busyet! Deneng larang temen si?”
“Oalaaaah rika kepriben si? Jer basuki mawa beya! Kepengin olih
bocah wadon ya kudu modhal, ora gur modhal dhengkul!”
Ningen wekasane Tolib tetep gelem mbayar.
blas. Tolib mangkel. Pirang-pirang prawan nang desane, ora nana sing kepencut babar pisan. Nyoba metu njaban desa uga padha baen, ora nana sing nggape.
Merga nganti rong wulan ora nana sing kepelet, Tolib bali maning
maring panggonane Joni, si bakul akik kuwe. Critane protes.
“Rika nglomboni ya? Akik combong kiye ora nana manpangate blas!
Balekaken dhuwite inyong!”
“Eh alaaaaah…. Ndeleng ali-alimu kuwe, ngeneh tek trawange maning….
Ana apa karo sing tunggu combong kiye si?” omonge Joni karo njaluk akik
combong.
“Jajal ditrawang sing setiti!”
“Toliiib….. kiye jin-e ngomong, jerena ana sing salah nang awakmu!”
“Hah? Jin-e ngomong ana sing salah? Apanae inyong sing salah!”
“Jerene awakmu ora nggantheng blas!”
“Guoblog! Jin guoblog! Ari nggantheng tah ora susah njaluk tulung
pelet!” Tolib jengkel raine mangar-mangar abang isin.
“Tambaih regan satus ewu, dejamin ko bakal olih sing sesuai selera!”
“Hah? Tambah satus ewu?”
Ningen merga kedereng kepengin olih jodho, wekasane senajan karo
bada-budu perjaka kuwe cucul dhuwit satus ewu maning. Dheweke semangkin percaya
senajan madan mangkel.
Sewijineng sore Tolib mlayu-mlayu maring nggone Joni maning.
“Ana apa mlayu-mlayu mengeneh?”
“Dioyok-oyok wong wadon.”
“Lhooo deneng malah mlayu? Jere kepengin olih wong wadon!”
“Wadon si wadon, ningen kiye wonge ala mboa, nyong baen nganti
mlukek!”
“Lho mbokan sesuai permintaan, sesuai selera?”
“Selerane sapa? Ora doyan!” Tolib jengkel banget,
“Ya selera jin laaaahhhh!” omonge Joni kalem.
Tolib gur gur bisa mlongo krungu keterangan sekang Joni.
Dheweke
babar pisan ora ngira yen sing demaksud sesuai selera ya selerane jin sing
tunggu akik combong. ***
Diks Blakasuta
Sumber gambar: Doc. Pribadi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar