Kamis, 23 April 2020

(2) AKAL BULUSE MBAK ARMI


Mbak Armi ngeslah motore.
Ora gantalan suwe motor wis nggleser maring panggonan kerja. Kadidene muslimah, kebeneran dheweke nganggo hijab utawa jilbab. Ningen senajan kaya kuwe, kewajiban nganggo helm tetep delakoni, senajan cekadhang helm-e kuwe cokan maraih kudhunge kusut. Mulane lewih sering nunggang motor, helm-e deslobokaken nang lengene.

Bareng tekan prapatan bangjo, pas motore mandheg ana pulisi sing njaga nang pinggir. Matane Mbak Armi mlolo bareng weruh pulisi kuwe. Kayane pulisi anyar tugas. Biyasane papan kuwe ora nana pulisi. Sing penting kanggone si Mbak, pulisine nggantheng banget.

Dina ngesuke Mbak Armi sengaja nganggo kudhung sing ana sanggule utawa sing cokan desebut jilbab punuk onta. Lah kepriben jajal? Mesthi baen helm-e ora muat, mulane
helme degawa tah degawa, ningen gur deslobokaken meng lengene.


Priiit!

“Minggir Mbak ….. maaf, njenengan ora nganggo helm.” omonge pulisi anyar bareng weruh Mbak Armi ora nganggo helm tur nang ngarep irunge pulisi pisan.

“Oooo … napa salaeh kula si?”

“Tata tertib Mbak! Helm harus dipakai!”

“Mboten saged Pak. Lah niki helm-e!”

“Kari nganggo thok koh!”

“Niki jilbabe kula jilbab punuk onta. Helme mboten mlebet.”

“Angger kaya kuwe, motore njenengan tek tahan nang pos kono.”

“Nggih ampun Paak….”

“Lho ya kepriben si? Angger wis genah tek culaken, genah inyong mengko malah darani aparat sing conggresan, apara sing ora bener! Some ye!”

“Kula telat ngantor kepripun Pak, engke kula desetrap.” omonge pura-pura garep nangis.

“Eng…. kepriben ya?” omonge  pulisi gantheng kuwe karo kukur-kukur sirah.

“Kula enten usul niki Pak!”

“Apa usule?”

“Kula rila mawon motore kula detahan teng pos pulisi ngriku, ningen kula mengke telat. Kados pundi upami Pak Pulisi ngeteraken kula mawon?” takone Mbak Armi.

“Inyong ngeteraken ko?”

“Enggih.”

“Enak saja!”

“Paling gur sekawan menit thok Pak. Kantore kula mboten tebih koh Pak, kersa nggih Pak nggih?”

“Emmmm gimana nih?”

“Kula meh telat niki Paaak….” omongane Mbak Armi karo nyekeli lengene Pak Pulisi.

“Ya uwis mayuh tek bonceng!”

“Alhamdulillaaaah … leres kula debonceng Pak?”

“Iya iyaaa … wis gageyan nyemplak!”

“Enggih!”

“Tapi awas aja ngampel bangkekan lho ya!”

"Cepengan pundhak mawon nggih Pak?"
"Ya ngonoh!"
Ora dekaya ngapa senenge Mbak Armi. 
Akal buluse bener-bener mandi. Ngimpi apa esuk kuwe debonceng pulisi nggantheng. Mangkane agi wingi baen dheweke weruh pulisi kuwe, ningen kayane dalane nggo kenalan koh lancar banget.


Mbak Armi mesem dhewekan.


Wong wadon kuwe ora ngerti yen nang mburine kawit mau bojone ngulati sapari polaeh klecam-klecem dhewekan.

“Ana apa si ngguyu dhewek Jeng?” takone sing lanang. Mbak Armi mbalik.

“Oalah Mas….. inyong agi kemutan dhong gemiyen inyong sengaja nglanggar lalu lintas ben deukum njenengan. Eh, malah beneran sekiye kesembadan, wis anak-anak nganti ana telu.”

“Iiiiiihhhh….. dhasar akal bulus! Ningen buluse ayu sih!”

“Em si Mase ….. ah…” omonge Mbak Armi karo nglendhot.

Wong loro akhire padha crita nostalgia gemiyen dhong agi kawitan padha ketemu. Wuih, maraih ngiri baen. ***


Diks Blakasuta




Keterangan jilbab punuk onta :



           

Sumber gambar: