Minggu, 26 April 2020

(5) MARAIH GEMUYU

Photo-photo sing tek mot nang ngingsor kiye, kabeh jepretene inyong dhewek lho. Ora nana sing njimot sekang google. Orsinil kabeh. Akeh-akehe tek jepret dhong agi mudhik badan (udu pulang kampung lho ya!).

1. Dhuwit cupet ningen kepengin nduwe GADGET? Kiye ana sing murah. Gur patang ewu mangatus thok.


Lokasi : Yogya Grand - Majalengka Jawa Barat


2. Ujarku pinter nyukur kuwe gawan bayi. Jebul ana sekolaeh ya? Tembe ngerti!


Lokasi: Ajibarang iring wetane mesjid gedhe Ajibarang

3. Ari ora idhep isin, jajal turuti KAREPE TANDHA PANAH. Mbokan kon nguyuh nang kono grok? Hehehe....!

 

Lokasi: Pinggir dalam alternatip Prupuk - Brebes.

4. Anu wis ora tahan apa ya?



Lokasi: Rest Area Bumiayu 

Lanjut meng nomer 5 tekan 20 mageh!



5. Ngakak sing empan papan ya nang ngkene! Sepuase ndean.


Lokasi: Brebes, pedhek sing garep menggok arah Prupuk.

6. Mewek? Apal kan? Desa iring kidule Perumahan Penambongan. 


Lokasi : Jl. Sukarno Hatta - kidul Perumnas Penambongan Purbalingga.

Jajal si rika maring desa kuwe, akeh sing maraih bingung lho. Ana wong Mewek koh ngguya-ngguyu, ana wong Mewek koh jogedan, ana wong Mewek koh padha turu. Jajal, apa tumon?

7. Senajan PELAKOR ningen ngangeni, ora maraih senep.


Lokasi: Jalan Timoho Yogyakarta - kidul UIN Sunan Kalijaga
pedhek kost-ane anake inyong.

8. Inyong mbukak cabang? Sing bener baen lah!


Lokasi: Alun-alun Kutoarjo Jateng, pedhek desa klairane bojone inyong.

9. Melasi temen ya, angrem ora netes-netes

Lokasi: Rumah Makan Wates - Kulon Progo

10. Warung inuman kiye anu wis kentongen jeneng apa ya?


Lokasi: Deretan kantin mburine kampus Universitas Islam Negeri (UIN) 
Sunan Kalijaga - Yogyakarta

11. Perkutute tegin dekerem, dadi kerekane nggo meme.


Lokasi:  Kutoarjo - Tangga pager iring wetane daleme mertuane inyong.

12. Wong sugih mblegedhu dhuwite njacrah, nganti depangan rayap! (Anu keslempit nang ngingsor wadhah buku kelalen nyimpen/ngumpetaken(??)).


Lokasi: Nang umaeh inyong dhewek

13. Aja mbukak usaha warung kaya kiye nang Jawa Barat ya. Bakal lasun. Nangapa si? BUGANG = BATHANG (basa Sunda).


Lokasi: Slawi - Tegal
Conto ukara:
1) Sunda : Eta aya bugang beurit, piceun atuh! Ngapak: (Kuwe ana bathang tikus, buang ngonoh!)
2) Sunda: Kudu dibelaan nepi ka jadi bugang eta mah! Ngapak (Kudu debela nganti dadi bathang     kiye tah!)
3) Sunda: Huh, hanjakal cape, diteangan kukurilingan, horeng teh hayam nggeus jadi bugang!
    Ngapak: Huh, ngajog kesel, degoleti keliling, jebule ayame wis dadi bathang!

14. Kiye maraih ora bener apa ya? Ujarku trotoar kuwe nggo  pedestrian / pejalan kaki, ora nggo parkir.


Lokasi: Kompleks pertokoan iring kidule Alun-alun Kebumen.

15. Sapa sing tau meng Palestina? Meng Jalur Gaza? Adoh temen ya!



Lokasi: Pertelon iring kudule pabrik gula Kalibagor Banyumas.

16. Aja kewatir, nggo segala umur.


Lokasi: Jalur bis Karang Lewas (bangjo) ngidul arah terminal Purwokerto

17. Pabrik Idep Palsu? Yes!


Lokasi: Wetan terminal Purbalingga

* Angger agi acara represhing, bocah2 muride nyong nang Jawa Barat cokan tek critane tentang pabrik idep kiye. Inyong cokan ngomong "Aja-aja idep palsune biyungmu, bibimu, ninimu kuwe gaweyan Purbalingga ya? Mulane aja somakeyan kambi wong Purbalingga angger tegin gelem nganggo idep palsu!"

18. Angger jam 10.00 esuk pas istirahat, nggolet panggonan nggo moto ya nang kana kuwe. Jiaaan!


Lokasi: Masjid sekolahan nggonku - SMAN 1 Majalengka

19. Kiye khusus nggo kanca batir Warga Smandapurwa 84 - khususe GAPMA (Gabungan IPA 5. Agung Ha-We Ketuane, Kang HW dadi terkenal tek tulis jenenge njenengan neng kene hehe..)


Lokasi: Mesjid Jenderal Besar Soedirman
adohe 173 langkah sekang SMAN 2 Purwokerto (almamatere bangsa penginyongan)
angger 173 langkah tegin kurang, tambaih dhewek. Angger kelewihen, mundur baen lah.


Pengeling-eling wong eling baliya maning! 
(Nang ngarep mesjid kuwe, pinggir trotoar)


Pengeling-eling nggo para nom-noman. Aja pacaran si, kawin baen.
Urung nduwe modhal koh! Ya puasa baen.
Urung ana sing gelem koh! Ooo kuwe tah nasib, raimu kurang bagus ndean.
(Nang latar njero iring wetan madhep ngulon)

20. Apa pancen kudu nganggo PURWO tah?


Lokasi: Tapel wates Kulon Progo - Purworejo


=================================================================

ANGGER KANCA-KANCA NDUWE FOTO SING LUCU (ASLI JEPRETAN DHEWEK)
BISA DEMUAT NANG NGKENE, MANGSUDE BEN NGUMPUL NANG DUNIA MAYA
KAN KUDU PHYSICAL DISTANCING NANG DUNIA NYATA

===================================================================

26 April 2020


Tidak ada komentar:

Posting Komentar