Kamis, 23 April 2020

(1) BRUG KALI KLAWING PEDHOT


(Cathetan jaman brug-e pedhot 18 Maret 2017)

Ngarepaken maghrib Joni tegin ketungkul dolanan HP.
Thing! Ana WA mlebu. 
Nom-noman tanggung kuwe njuran mbukak kiriman nang Grup “Sluman-slumun Slamet”. Dheweke olih kiriman gambar.
         Sumber gambar: radarbanyumas.co.id

“Brug kali Klawing pedhot?! Yes! Yes! Yeessss!” noman-noman kuwe keton seneng banget karo ngepelaken tangane. Dheweke ora ngerti yen nang mburine kakange kawit mau ngulati sapari polaeh.
“Jon!”
“Hah?” noman kuwe kaget deundang lon-lonan nang kakange.
“Ana apa si koh kayane keton seneng banget?”
“Brug Kali Klawing pedhot! Seneng inyong Kang!”
“Astaghfirullooooh….. ko dadi bocah dablongan banget si? Ana brug kali Klawing pedhot koh malah surak-surak. Mesthine kudu priatin, jalur ekonomi Karanganyar Bocari macet. Drop-dropan sing padha dagang macet. Sekang Rembang macet…. Oalaaaa Joooon….. garep molaih kapan awakmu nduweni rasa empati sih?”
“Apa kuwe empati?”
“Melu ngrasa sedhih, melu ngrasakaken pritain. Pirang bara nyebut istigfar, kiye malah
surak!”
“Haha! Nasehat? Kesuwun yaaaa…..” omonge Joni karo ninggalaken kakange sing semakin bingung karo polaeh adhine. Kakange Joni gur gedheg-gedheg.
***
Joni sing bocah Bocari kuwe nduwe pacar. Pacare jenenge si Selfi, bocah Karang Moncol. Bocari kuwe iring kulon kali Klawing, Karang Moncol nang iring wetan kali Klawing. Lah bareng kali Klawing pedhot thel ketrajang banjir gedhe wingenane, tegese Bocari –
Karang Moncol putus. Kuwe sing maraih Joni surak.
“Kena nggo alasan ora apel menggone Selfi, malah kepengin medhot pacaran sisan!” grenenge Joni sing sekiye nduwe alesan. 
Ari jan-jane si dheweke kepengin medhot Selfi wis madan suwe, gur ora ana alasan sing kuwat. Mulane bareng brug kali Klawing pedhot, dheweke les baen ora tau apel maning. Suwe-suwe si Sefine ngerti yen deputus nang si Joni.
Bareng wis wetara sewulanan ora keton runtang-runtang bareng, kakange Joni takon .
“Kabare Selfi kepriben Jon? Koh sekiye ora kaya biyasane?”
“Wis putus Kang.”
“Lah si deneng? Ujarku ko arep serius kawin karo si Selfi.”
“Ora.”
“Ko sing mutusaken ya?”
“Heheee…. nggg. …. Iya sih.”
“Kenang apa si?”
“Kan brug Klawing pedhot, dadi ya uwis angel garep apel. Putusin saja sekalian!”
“Oalaaaah Jon… Jooon….. dadi gemiyen kae dhong awakmu surak brug Klawing pedhot, jan-jane ko seneng merga ana alesan mutusaken si Selfi ya?”
“Hehee…. iya sih!”
“Oalaaah Jon ….. inyong dadi melu isin, nduwe adhi koh lewane ora kena nggo conto. Kaya kakangmu kiye lho … wonge setiya.”
“Ya kan Kakange karo Yayune saling cinta.”
“Lah ko gemiyen karo Selfi ngapa? Koh ndadak pacarana mbirengan?”
“Ngetes Kang, asli gur ngetes diri.”
"Ngetes diri?"
“Iya, inyong ngetes diri. Inyong payu apa ora…. haha jebulane payu! Selfi gelem dadi pacare inyong! Kuwe tegese diriku tidak dipandang sebelah mata oleh para gadis!” omonge Joni ngglayem.
“Aaaaa busyeeet! Conggresan banget awakmu Jon!”
“Lah sekiye inyong yakin, inyong ternyata deterima para gadis. Mulane minggu ngarep seksenana Kang, inyong garep nyedheki bocah Mekarjaya, dadi pacare inyong.”
“Sapa?”
“Heryati.”
“Heryati anake Pak Jaesan?”
“Iya laaah…. bocaeh ayu Kang, inyong seneng karo dheweke awit gemiyen.”
“Heryati kuwe minggu ngarep garep kawinan Jooooon! Olih si Darmanto, kancane inyong kerja! Ngerti? Krungu gobogmu Joooon?!”
Lemes dhengkule Joni domongi kaya kuwe nang kakange. 
Kawus! ***


Diks Blakasuta