Munarti, bocah kelas V SD Karangsari 43 ndhesel-ndhesel maring biyunge. Sing dedheseli nyureng weruh polaeh anake sing nganeh-anehi.
“Mengonoh lah Nar!
Ndhesel-dhesel ana apa si?”
“Biyunge agi seneng
apa?”
“Iya lah, agi seneng.
Ana apa si?”
“Ya gageyan mengko
malem minggu inyong degawa maring ABC tuku klambi.”
“Helaaah Nar, Naar
.... apa hubungane
klambi karo seneng si?”
“Lhoooo... jere miki
biyunge ngomong agi seneng. Kuwe kan artine dhuwite biyunge agi mrewel.”
“Ealaah...... mrewel
irungmu mbokan!”
“Dhuwite akeh apa ora
yung?”
“Ya ana lah.”
“Pirang atus ewu?”
“Rong atus!”
“Lah kuwe sing pitung
puluh lima nggo inyong ya Yung, soale inyong kepengin banget kaos gambar Hello
Kitty sing agi salto. Kae, kaya duweke si Nani.”
“Ya mengko agi badan.
Wong puasane ben urung teka!”
“Hayoooooo.....
biyunge kelalen ya?”
“Kelalen apa si?”
“Kan minggu wingi
inyong seminggu med nyaur puasa taun wingi. Lah mbokan ari bar puasa kuwe ya
kudu badan, kudu tuku klambi anyar, desembelehaken pitik, seplesiraken!”
“Hadhuuuh tobat
Naaar, Naaaar! Kuwe sapa sing mulang kaya kuwe?”
“Inyong ngerti
dhewek!”
“Dudu bapane ko sing
mulang?”
Agi padha
omong-omongan, bapane Narti teka njagang motor nang iringan umah. Sing agi
padha nang mbale meneng sedhela. Bareng wong lanang kuwe wis pedhek njuran
takon:
“Koh nyebut bapane
bapane ana apa si? Padha nggrendhengi wong tuwa! Dosa lho!”
“Ooo kiye si Narti
njaluk detukokaken klambi anyar.”
“Lho? Kan urung
badan?”
“Justru kuwe bapane,
ujarku mau malah rika sing mulang.”
“Mulang apa?”
“Mulang kuwe, yen bar
puasa nyaur taun wingi, angger wis lunas njuran merayakan badan. Ya kudu
degawekaken kupat, denggawekaken opor ayam, karo kuwe mau, klambi anyar!”
“Useeee....... ya ora mungkin lah inyong sing maraih ora
bener. Iya mbokan? Jajal, mangsa anger inying sing maraih, malah inyong sing
bonjrot dhewek. Iya toli?”
“Hahaaa! Iya kuwe ...
bener... bener ... rika bakal bonjrot dhewek!”
Tapi akhire bapane
Narti setuju nukokaken klambi anyar maring anake sing wis nutugaken puasa taun
wingi. Sing desemayani jingkalk-jingklak ora karuhan senenge. Wong tuwane padha
seneng weruh anake seneng. Bubar kuwe bocaeh junun dolan.
Weruh anake wis
lunga, sing lanang medheki bojone.
“Mih, jan-jane inyong
isin maring Narti lhooo.....”
“Isin nangapa si?”
“Narti.... puasane
wis lunas, lah inyong?????”
“Rika urung lunas?”
“Lha
kuweeeee..................”
Bojone gur teyeng
plenggongan ora ngira jebul sing lanang conggresan pisan. ***
Diks – Blakakisut